KURSI IRENG (Novel Basa Jawa) #4
KURSI IRENG (Novel Basa Jawa) #4
“Ora sah wedi,” ujare Ki Truna tanggap lamun Gombang sajak keweden.
Sawise bisa nata atine, Gombang banjur takon, “Kok kowe ethok-ethok
dadi maling ki jan-jane duwe karep apa, ta Ki?”
“Gombang, Gombang. Apa ya kudu dakjlentrehke. Aku mau pancen arep
nyoba bab kasetyanmu marang aku gurumu. Kasetyanmu marang tugas lan tanggung
jawabmu. Ateges ora kleru nggonku gelem nampa murid marang kowe.” Ujare Ki
Truna karo mbukak bandan.
“Apa iki uga klebu piwulang, Ki?”
“Bener Gombang. Iki piwulang sing banget wigati. Wong lanang mono
kudu ngrungkebi lanange. Aja wedi nggetih. Aja tinggal glanggang colong playu.
Kudu njaga kajen keringaning awak. Lan
kudu punjul ing apapak mrojol ing akarep sanajan kowe lair saka wong sudra.”
“Wah, aku ora mudheng karo
sing kokomongake, Ki.”
“Ngene, yen kowe duwe gegayuhan, kudu kokpersudi amrih kelakone. Aja
gampang nglokro. Menawa kowe dadi begal utawa kecu ya aja mung dadi gedibal.
Kowe kudu bisa dadi tetuwane. Sokur bage kowe mbesuk dadi wong kajen keringan
marga duwe drajat pangkat. Awit manungsa mono tan teka ing ngira. Saiki dadi
kere papriman, mbesuke lungguh ana kursine wakil rakyat ya ora mokal. Jer donya
iki tetep lumaku kanthi owah-owahan kang ora bisa dinuga.”
Gombang manthuk-manthuk. Dheweke banjur mesem. Kaya-kaya piwulang
saka gurune mau mujudage donga sing banget sekti lan mujarab. Beda karo gurune
ana ing sekolahan biyen. Bisane mung nyeneni, mung njeweri. Yen aweh pitutur
mung sing elek lan sing apik. Miturut gurune, nyolong kuwi elek, kamangka
kanthi nyolong dheweke bisa jajan kaya kanca-kancane.
“Piye Gombang? Apa kowe duwe gegayuhan?”
“Duwe, Ki. Aku kepingin dadi wong sing kajen keringan. Mbuh piye
carane bakal daklakoni.”
“Bagus. Ya kuwi sing dakkarepake. Iki wis meh parak esuk. Ayo ngaso
dhisik!” pangajake Ki Truna marang siswa tunggale mau. Sing diajak agahan
nggelar klasa pandhan ing jogan lemah. Ki Truna bantalan sapu sada, dene
Gombang mung cukup nganggo lengene dhewe. Hawa ing wayah ketiga kang adhem
njekuk ora ngurangi angler anggone turu. Ora let suwe wong loro wis keprungu
ngoroke.
Dinane wis padhang njingglang. Sorot sengenge mrojol nembus gedhege
gubug sing pating cromplong. Sunare ngenani raine Gombang saengga ngusik
anggone angler turu. Gombang kriyip-kriyip banjur ngucek mripate. Dheweke
ngolet karo ngeluk gegere. Lambene sing isih mambu iler angob amba banget.
Gombang agahan tangi. Tanpa raup lan kemu, tangane nyandhak kendhi
isi banyu putih. Isining banyu banjur dilogok ngono wae. Sabanjure Gombang nyumet
geni ing pawon. Kendhil cilik diisi banyu kanggo gawe wedang teh karemane
gurune. Dene sing sesisih dinggo nggodhog pohung kanggo sarapan.
Watara setengah jaman, wedang teh lan pohung wis mateng. Wis dipredi
ana sandhuwure grobog. Dene Gombang dhewe tutuke komat-kamit mangan pohung
godhok. Arep nggugah Ki Truna ora wani. Sajake Ki Truna angler tenan anggone sare. Ya lagi sepisan
iki Ki Truna mbedhug anggone sare. Biasane ora tau kedhisikan mletheking srengenge.
Mbok menawa pancen awake sayah. Mula Gombang banjur ngombe dhisik wedang tehe.
Mengko yen gurune kepingin ngunjuk wedang sing panas ya digodhoge meneh. Ngono
batine.
Dinane wis bedhug ngenthang. Ananging Ki Truna ya durung wungu saka
anggone sare. Kanthi niat diwanek-wanekake, Gombang nggugah gurune mau. Eba
kagete jebul sing digugah awake wis anyep njejes.
“Ki, tangi Ki…!” Gombang ngoyog-oyog awake gurune. Ananging sing
dioyog-oyog wis ora obah, ora polah. Ki Truna wis bali menyang alam
kelanggengan.
Ananging Gombang ora nangis. Dheweke suthik yen ana wong lanang
nangis. Najan ati rasane lara lan keranta-ranta, wong lanang ora kena netesake
eluh. Kanggone Gobang, luh kuwi duweke wanita. Yen wong lanang nangis mengko
malah kaya wong wadon sing nengenake rasa ringkihe, dudu nalar jembare.
.jpg)
0 Response to "KURSI IRENG (Novel Basa Jawa) #4"
Post a Comment