-->

KURSI IRENG (Novel Basa Jawa) #3

KURSI IRENG (Novel Basa Jawa) #3
By Parpal Poerwanto

Wonogiri (Taman Tembang Sastra). Wis  pirang-pirang sasi Gombang ngenger meguru marang kaki tuwa kang aran Ki Truna. Ewodene dirasa durung ana wulangan sing ana gayutane ilmu kasekten kaya dene sing dikarepake. Saben dina dheweke mung ngrumat gubug sing banget ora mingsra. Resik-resik pekarangan, nggodhog wedang kanggo tamu sing padha mertamba utawa mbakar krowodan wis dadi kuwajibane. Saben-saben dheweke protes, anangin mung trima dijawab yen durung wektune oleh piwulangan aji jaya kasantikan utawa ngelmu-ngelmu liyane.  Ananging yen arep lunga saka papan kono banjur tumuju menyang ngendi. Wong tuwane wis kipa-kipa marang dheweke. Tur maneh dheweke uga rumangsa isin lamun bali urip ing kampunge mung trima dadi nyek-nyekane tangga teparo.

Gombang golek wektu sing pas kanggo najihake anggone nganggep murid Ki Truna marang dheweke. Mbok menawa nalika takon biyen kae Ki Truna isih nanting pikirane, ibarate mono Gombang diuji dhisik apa manteb apa ora anggone merguru kuwi. Mula ing kalodhangan iki Gombang ngwanekake takon meneh.

“Jane aku kon ngenger ana kene iki arep diwulang apa ta, Ki?”

“Wong kuwi aja nggege mongsa. Besuk ngelmuku bakal daksuntak menyang kowe kabeh. Aja kuwatir yen aku mblenjani. Tur maneh saiki umurmu rak lagi patbelas taun. Kuwi durung pantes entuk wulangan kasepuhan.”

“Ah, mongsok. Jan-jane kowe kuwi mung owel marang ngelmumu, ya?” protese Gombang.

“Aja waton omong kowe Gombang. Yen aku owel ora mungkin kowe manggon ana gubugku kene. Mangertiya, wis akeh pawongan kang kepengin ngenger suwita marang aku. Ning kabeh daktolak. Ya lagi kowe kuwi sing dakanggep dadi muridku. Kamangka yen aku ngelingi sikep lan tumindukmu jan-jane ya emoh duwe murid kowe. Ning eramku, aku kok ora kuwawa ngusir kowe saka kene. Iki ateges ya kowe kuwi sing bakal marisi kabeh ngelmuku.”

“Pret! Buktine apa? Saben dina aku mung dikon resik-resik karo olah panganan ngono kok.”

“Aku mau wis ngelingke yen umurmu durung nyukupi. Sing sabar ta. Ora-orane yen mengkone aku ngapusi.”

Gombang kemropok banget. Ananging kabeh mau mung disimpen jroning ati. Rasane jan mboseni tenan. Ananging yen arep lunga saka papan kono ya owel. Kepriyea wae dheweke kepengin marisi ngelmune wong tuwa aran Ki Truna iku.

Wengi kuwi Gombang ana gubug dhewekan. Ki Truna lunga kawit sore mau. Lunga menyang ngendi Gombang ora ngerti. Wong Ki Truno ya ora blaka arep lunga menyang ngendi.

Gombang kethap-kethip nyawang lintang sinambi glethakan ing sandhuwure watu tlasahan. Isih kelingan ujare bapake biyen yen lintang cacah papat kae diarani lintang gubug penceng. Gombang ngadeg. Diuwasake gubug sing wis pirang-pirang sasi dinggoni karo Ki Truna kuwi. “Em, pancen ana mempere yen lintang kae diarani gubug penceng,” ngono pikirane kandha.

“Njur Ki Truna ki menyang ngedi? Ora adat bisayane dheweke lunga nganti tengah wengi ora mulih.” Pitakonane Gombang marang awake dhewe. Najan satemene dheweke ora patiya sarujuk karo omongane Ki Truna awit isih dianggep urung cukup umur, Gombang sabenere banget duwe pangarep-arep marang wong tuwa sekti kuwi. Yen dheweke kasil nyecep ngelmune wong tuwa kuwi besuke bakal dadi wong sekti mandra guna. Upama dadi begal kecu ya ana sing diandelake.

Dina-dina sing lumaku mung tansah gawe erame dheweke. Sajake Ki Truna pamer kewasisan marang dheweke. Upamane, nalika Gombang bekah-bekuh ndamu geni dimen murub, Ki Truna mung elik-elik, “Awas mundura, geni gedhene semono kok isih didamu!” Sanalika geni murub molat-molat. Kamangka kayune during patiya garing pisan.

Ing kalodhangan seje, nalika Gombang lagi wae mentas anggone nggodhog wedang, banyu sing mompal-mompal ana kendhil mau diglogok dening Ki Truna kaya patrape wong ngombe saka kendhi ngono kae. Anehe tutuke Ki Truna ora mlonyoh. Kepara sajake ngrasa seger kaya wong ngorong ing tengah awan kang panas ngenthang-enthang dumadakan ngombe es teh kang legi tur kenthel.

Nalika Gombang riyam-riyam, dumadakan dikagetake dening glibete pawongan. Pawongan kang nyandhang nganggo sarwa ireng lan nganggo tutup rai mau mlebu gubug. Gombang mindhik-mindhik nyedhaki pawongan kang sekarep mbukak grobog wadhah gegaman. Kamangka sasuwene iki Gombang durung tau wani mbukak grobog mau. Lha iki kok ana pawongan nyalawadi duwe sekarep ala, yaiku nyolong isining grobog.

“He, kowe sapa wani-wani mlebu ngomahe uwong tanpa kulanuwun?!” pitakone Gombang kanthi sora.

“Ha, ha, ha…,” pawongan mau malah ngguyu sajak nyepeleke Gombang. “Bocah cilik wani cawe-cawe marang aku, kowe sapa?” wangsulane pawongan mau karo genti takon.

“Kowe ora perlu ngerti sapa aku. Bakune gubug iki sing njaga aku. Yen kowe arep tumindak colong jupuk, aku sing bakal ngalang-alangi.”

“Apa nyawamu dhobel bocah cilik?”

“Aku ora mikir nyawa. Sing dakpikir tanggung jawabku njaga omah iki.”

“Yen ngono rasakna iki!” pawongan mau banjur nendhang Gombang. Sabisa-bisa Gombang endha. Mung emane, ora kongsi menitan Gombang wis dadi bandan.

“Ayo, saiki kowe arep sambat marang sapa?”

“Aku ora arep sambat marang sapa bae. Aku wong lanang. Mati saiki utawa mbesuk kanggoku padha wae. Aja kesuwen enggal patenana wae aku iki!” panjaluke Gombang.

“Kowe ora wedi mati tenan?”

“Cuih…!” Gombang ngidoni pawongan nyalawadi mau.

“Kurang ajar. Wani-wanine kowe ngidoni aku. Rasakna iki!” ujare pawongan mau karo nempiling pilingane Gombang. Ananing Gombang ora wedi. Pawongan sing mung katon mripate mau diidone sepisan meneh. Awake bekuh-bekuh sekarep ngudhari bebandan. Nanging ora bisa.

“Ha, ha, ha…. Bagus, bagus tenan kowe! Najan umurmu durung sepiroa, nanging kowe nduweni watake wong lanang sejati. Ora wedi mati. Aku mongkok duwe siswa kowe!” kandhane pawongan mau banjur nyopot tutup rai. Gombang kaget pranyata sing dadi maling mau ora liya ya Ki Taruna dhewe.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "KURSI IRENG (Novel Basa Jawa) #3"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel