GOMBANG GAWE PEPENTHAN GURUNE #KURSI_IRENG #5
GOMBANG GAWE PEPENTHAN GURUNE #KURSI_IRENG #5
Dening Parpal Poerwanto
Wonogiri (Taman Tembang Sastra).
Gombang wis dadi jejaka. Awake ora patiya dhuwur nanging otot-otote ngganther katon nambahi keker. Raine kang segi papat kanthi brengos lan jenggot kang diumbar sak-anane, marakake katon serem. Dene rambute diore dawa nambahi kebak kaprebawan. Ora saben uwong wani ngadhepi dheweke.
Wengi kang atis lan tanpa ana
padhanging lampu, Gombang isih gladhen dhewekan. Pepenthan Ki Truna kang dumadi
saka lemah lempung kaya-kaya isih urip meger-meger. Kanthi kebak kaprebawan guru sing sugih
ngelmu mau tansah nguwasi anggone gladhen olah kridhaning raga, ilmu pasilatan
sepuh sing wis arang-arang diduwene dening sapa wae ing tlatah kono. Satemene,
ora mung Ki Truna dhewe sing duweni ilmu gabungan antarane olah raga, napas,
lan kebatinan kuwi. Ana sawijining pawongan tunggal guru, sing aran Ki Murda.
“Siswaku Murda lan Truna, ilmu sing
dakduweni wis dakwulangake marang kowe sakloron. Ya ilmu sangu urip ing alam
ndonya uga ilmu kanggo sangu urip ing akerat,” ngono pangandikane Ki Giringwaja
wektu semana. “Lan kowe Murda, minangka siswa sing tuwa kowe sing dakpasrahi
nerusake lan nggulawenthah padhepokan iki.”
“Sendika Bapa. Ananging napa kula
pantes nampi kapercayan tuwin kanugrahan punika?” jawabe Murda kang gawe
laraning atine Truna.
“Yen dakwawas pilihanku sajake ora salah.
Kajaba kowe murid sing paling tuwa, ilmumu dakwawas luwih sampurna. Kajaba iku,
wis wayahe Endang Respati duwe bojo. Aku wis prasapa lamun bakal njodhokake
anakku wedok mau karo wong kang pantes nyulihi aku ngrumat lan nerusake
padhepokan kene,” ngono pangandikane Ki Giringwaja ndadekake rasa pangigite
Truna tansaya ndadi. Jan-jane wis suwe Truna mendhem rasa marang Endang
Respati. Emane, bocah manis mau ya ora nglanggati kepara malah duwe rasa karo
Murda.
Pikirane Truna nglambrang golek cara supaya bisa nyingkirake Murda.
Yen adhep-adhepan langsung mokal yen bisa ngalahake kadang tuwa sapeguron mau.
Apameneh Ki Giringwaja isih meger-meger urip. Temtu dheweke uga cawe-cawe.
Wiwit wektu kuwi Truna banjur ora
ketok irunge ing padhepokan Giringwaja. Dheweke ngumbara saparan-paran kongsi
tekan alas Tutuban. Ing kono ketemu karo brandhal Gito Pithing saanak buahe.
“He, bocah enom. Apa kowe arep soroh
glondhong pengareng-areng marang aku kok wani-wani mlebu alas kene?” pitakone
brandhal Gita Pithing. Ora keri anak-buahe sing cacah papat wis ngupengi Truna.
“Ya, pancen aku arep asok bulu bekti
marang panguwasa Alas Tutupan kene. Emane, dinane iki panguwasa Alas Tutupan
ora wani ngetokake irunge. Kondhange sekti mandra guna ning nyatane jireh….!”
“Hus, aja ngawur kowe cah enom.
Mangertia ya aku iki kang aran Brandhal Gita Pithing sing kondhang
kaonang-onang sekti mandra guna.”
“O, o, o…. iki ta dhapurane…!” Truna
semaur sajak ngece.
“We lha dalah….ora kena dieman-eman
bocah iki. Omongane manasake kuping. Bocah brandhal…, krubuten lusi marani penthung
iki!” prentahe Gita Pithing marang anak buahe. Antuk aba-aba saka pimpinane,
brandhal cacah papat mau wis ngrubut Truna. Banjur dadi panca bakah. Sajake
para brandhal kejodheran. Durung kongsi ngetokake kringet, nyatane wong papat
mau wis ndlosor ana nglemah. Ora wurung brandhal Gita Pithing tansaya muntab.
Wiwit dadi brandhal ana alas Tutuban kongsi puluhan taun dheweke durung tau
ketemu wong sing bisa ngalahake anak-buahe mau. Lha kok iki ana bocah enom teka
kepara nantang marang dheweke. Minangka pimpinane brandhal, Gita Pithing ora
duwe watak mundur. Saiki antarane Truna lan Gita Pithing wis adu arep. Gita Pithing
wis nyiyagake juruse. Mung wae, sikepe Truna sajak ngece. Kaya-kaya dheweke ora
ngadhepi mungsuh sing mbebayani. Klewa-klewa lan ora nggatekake mungsuhe. Gita Pithing
tambah pangigit-igit. Ora sranta dheweke nyerang mungsuhe. Antuk serangan mau
Truna mung endha. Nalika serangane Gita Pithing tansaya ndadi, Truna ya ora
balik nyerang. Dheweke trima endha lan sajak ngece. Marga jengkel, Gita Pithing
siyaga ngetokake aji andelane. Dheweke ngepelake tangan tengen ana sandhuwure
sirah. Bebarengan karo pambengoke, ana lesus gedhe saka awake. Lesus mau
nyerang Truna. Lemah mowat-mawut ora nggenah. Malah akeh wit-witan sing padha
ambruk. Ewadene Truna isih ngadeg njejeg kaya-kaya ora kedadeyan apa-apa.
Nalika tangane kumlawe, ngerti-ngerti Gita Pithing wis tiba ngathang-athang.
.jpg)
0 Response to "GOMBANG GAWE PEPENTHAN GURUNE #KURSI_IRENG #5"
Post a Comment