AMBYUR ING TLAGA PAWITRA JRONING KUMPULAN GEGURITAN SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU
AMBYUR ING TLAGA PAWITRA JRONING KUMPULAN GEGURITAN
SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU
Taman Tembang dan Sastra – Budaya – Wektu sing durung kelakon iki pancen mung kari sisa. Jalaran, umure manungsa—uga umure donya iki—mono wis dipathok watese. Banjur kudu kepriye manungsa anggone ngentekake sisane wektu iki? Ana bebasan “urip mung saderma mampir ngombe”. Lah, ing kene Raka Mas Parpal Poerwanto mletik gugate, kaya sing kamot ing gurit Ora Mung Mampir Ngombe iki:
Urip iki ora mung mampir ngombe // Ananging uga nandur // Winih kabecikan // Sing bakal diundhuh nalikane weteng ngelih // tutuk ngorong // awit srengenge bakal angslup ing tembene
Ya tanduran kabecikan iku sing wohe bisa diundhuh salawase urip ing alam donya nganti tumeka ing alam akir sing tanpa pungkasan. Pitutur luhur kaya mangkono mau dadi punjere gagasan sing kawedhar warata ing antologi iki. Maca geguritan iki rasane kaya dikanthi ambyur ing tlaga pawitra. Ing kono para maos bisa ngilo, nyawang lelakone dhewe sing wis kepungkur, banjur kungkum masuh jiwa saka sadhengah patrap kang nlisir.
Kaya dene lumrahe swasana wengi, antologi iki pepak isen-isene. Kajaba wirid muhasabah, buku iki uga ngemot sawatara gurit sing surasane kritik sosial, ngundhamana kahanan sing pijer nggregetake. Ora keri, kidung kasmaran uga melu kapacak.
Wengi mono racake peteng tur anteng. Nanging, sanajan surem semu sirep, wengi uga nuwuhake pengarep-arep: ndungkap esuk. Dina anyar bakal gumelar. Mung kari nari atine dhewe, pilih mbacutake padatan lawas apa mranata ati sing goreh, njlumati pakarti sing rojah-rajeh, dimen bisa ndandani kahanan sing rongeh.
Bab pangrakiting basa pangrumpakaning sastra wis ora perlu dicandra. Raka Mas Parpal wis kepara lebda ing kawruh lan kagunan babagan iki. Para maos kari ngenut ilining tembung sinambi nintingi surasa sing manjing ing larikaning gatra.
Sugeng maos geguritan sing pranyata aos.
Semarang, 1 Maret 2021
Teguh Gw, Penulis lan pandhemen sastra budaya, mapan ing Semarang.

0 Response to "AMBYUR ING TLAGA PAWITRA JRONING KUMPULAN GEGURITAN SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU"
Post a Comment