-->

Geguritan - SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU

Geguritan - SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU
Geguritan - SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - Geguritan - Sahabat taman tembang dan sastra yang berbahagia, pada kesempatan kali ini akan saya hadirkan sebuah puisi jawa atau geguritan yang berisi tentang hayalan tingkat dewa dikala merenung atau i'tikaf pada kesunyian tengah malam. Geguritan ini saya beri judul "Sawijining Wengi Ing Sisaning Wektu".

Puisi berbahasa Jawa ini pernah digunakan sebagai materi puisi wajib lomba baca geguritan siswa SMP se-Kabupaten Wonogiri. Lucunya, karena terlalu panjang, mengingat durasi waktu, akhirnya puisi Jawa yang pilihan tidak jadi dibacakan oleh para peserta.

Selamat membaca dan merenungi, semoga ada manfaatnya.

SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU
Oleh: Parpal Poerwanto

dakpiyaki sepi wanci wengi kang nyenyet
manuk dares datan ngrewes
dhemit setan padha mbathang
aku mlaku rerambatan, nglangut
dalan rumpil wot ogal-agil
ngluari wewadining Dumadi
gondhelan pletiking iman sawiji sawi
mbabar niat makantar-kantar
datan samar nalusur punjering keyakinan

sepi
ing sela-selaning wektu lakuku setya mecaki
nadyan prau rowak-rawek layare
kendhang ing samodra tan tinepi
mblerengake pandulu mbudegake pangrungu
nanging,
isih bisa dirasa getering jiwa
sliraMu langkung kuwasa
kanthi prakosa kokrengkuh
sakabehing jroning sepi tidhem premanem

Sahabat taman tembang dan sastra, puisi Jawa ini belum selesai di sini. Berikut ini adalah sambungannya. Selamat melanjutnya membaca.

ibu,
apa pirsa anakmu ndhedhes isining kalbu
ing satengahing wengi sisaning wektu
keprungu layung-layung kekidungan temlawung
apa iki swaraning kalbu?
utawa ing sepi iki satemene aku ora dhewe
nadyan disirep jroning wingiting wengi kang banget nabet tan keguh

kidung,
swarane ngayut-ayut isining kalbu
ora krasa jangkahku adoh lumaku
ndedel ngundha angawang
miyak jagade sunya ruri

kidung tansaya ngayut-ayut
lakuku kaya digelaking kumesering wektu
tansaya adoh lan ngadoh, aku puguh
nadyan gluprut lendhut, adus luh
nyoba ngipatake dina-dina kawuri kebak eri
isih ngawang-awang, nyata
umur mung tansah diaji pumpung
marang hawaning napsu aluamah
lan lara nestapaning urip kang madhas watu

saiki, dhadhaku kaya cinubles sewu candrasa
ilining getih muncrat ing ati miris
kang ngrajam sepi dadi suci
nglebur geni geni kekapangan
mring dasih
mring dasih

nyenyep
pucuking warastra lamat-lamat cumlorot saka pandulu
sanalika lakuku kandheg
ah, pranyata aku ora obah ora polah
nadyan kaya-kaya napas pedhot jantung lir ginenjot
nanging nyata tan ketemu
amung panasing pandulu dasihMu gumancar
dadya tudhunging jiwa ragaku
nyawiji ing ilining getih lan napasku

Wonogiri, 21-8-02

Diambil dari antologi geguritan Senthong
– Taman Budaya Jawa Tengah

Penulis sudah dua kali membacakan puisi berbahasa Jawa ini di Taman Budaya Jawa Tengah, Surakarta.
Geguritan ini juga bisa anda lihat videonya di Youtube Geguritan Jawa Ing Tengahing Wengi Sisaning Wektu. Terima kasih atas kunjungannya, semoga bermanfaat. Salam sastra, santun, erat dan ukhuwah.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Geguritan - SAWIJINING WENGI ING SISANING WEKTU"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel