-->

Budaya - N SAKDANI

Budaya - N SAKDANI
Budaya - N SAKDANI

N SAKDANI


TAMAN TEMBANG DAN SASTRABUDAYAN. Sakdani lahir di Sala pada tanggal 3 Mare 1939. Ia mengarang sejak 1957. Karangan berupa puisi, cerita pendek, dan roman panglipur wuyung.

Pendidikan: SGB, SMA, dan pernah kuliah di AAN dan APN (tidak tamat). Pengalaman: guru dan wartawan. Ia pernah menjabat sebagai Ketua Organisasi Pengarang Sastra Jawa Komisariat Jawa Tengah dan Pengurus PWI Sala.

Berikut ini puisi Jawa karya N. Sakdani yang berjudul Kidung Asih.

KIDUNG ASIH


         kanggo kekasihku

I

kidung iki terus wae tak-tembangake, kekasih
ing pucuk wukir ing siliring angin pesisir
ing tengah alas gung apa ing tepining pulo suwung
nadyan ampang ngumandhange
pirengna, kekasih
-- aku iki duwekmu
-- amung kanggo sliramu
ah, poma woh-wohan
apa isih ijo pangrasane iki
iba kecute mengko

II

ora marga luntur tresnaku
nate wola-wali dak-owahi wirama lawan cengkoke
dak-etungi sawernaning kembang sakathahing lintang
nadyan uga ana kang ngglape
pirengna, kekasih
-- aku iki duwekmu
-- amung kanggo sliramu
ah, poma woh-wohan
apa wis kuning pangrasa iki
iba legine mengko

(Mekar Sari, No 20, X, 15 Desember 1966)
Sumber: Antologi Puisi Jawa Modern 1940-1980 (Suripan Sadi Hutomo
)

Terima kasih atas kunjungannya. Sampai jumpa!

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Budaya - N SAKDANI"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel