-->

Legenda - DEMANG JEBRES # 2

Legenda - DEMANG JEBRES # 2
Legenda - DEMANG JEBRES # 2
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - LEGENDA - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, selamat berjumpa dengan taman legenda (cerita rakyat). Cerita rakyat kali ini melanjutkan kisah Demang Jebres yang ke-2. Cerita rakyat ini pernah dimuat di majalah Jaya Baya. Selengkapnya sebagai berikut.

DEMANG JEBRES

Bagian 2

Oleh: Parpal Poerwanto

"Mati ngrungkebi hake mujudage mati sahid. Kena ngapa aku kudu wedi marang manungsa kaya kowe?"
"Apa gobogmu durung krungu sing aran Panji Kuning perampok wengis sing ora ana tandhinge ing tanah Jawa iki...?"
"Kanggoku ora ana sing dakwedeni ing donya iki kajaba Gusti sing Murbeng Dumadi. Menawa pancen iki mergane patiku aku rila lan emoh nyerah ngono wae. Aku bakal mertahanake barang darbekku."

Teruna sing kawit mau ngumpet ing suwalike lawang megeng napas sing dawa. Saupama duwe kuwanen dheweke bakal matur marang keng rama supaya masrahake barang aji kang dimeliki dening Panji Kuning. Ananging sikile kaya-kaya ora bisa jumangkah. Tutuke uga kakunci rapet banget. Krasa-krasa kathoke wis kembroh theproh nalika perampok mau nyabetake pedhang ing badane keng rama. Sauntara ibune kang sumedya aweh pitulungan uga ora luput saka wengise pedhang Panji Kuning.

Kanthi mlaku jinjit supaya ora kawistaran,Teruna lunga ngedohi omahe. Keprungu suwarane Panji Kuning ngobrak-abrik isining omah. Jan-jane ana krenteg arep mbengok njaluk pitulungane para tangga. Ananging dheweke muwus lamun mokal yen Panji Kuning bisa kacekel. Malahan bisa-bisa mbilaheni, tuwuh kurban sing luwih akeh. Mulane dheweke mupus lelakon kanthi oncat golek panguripan kaya dene kleyang kang kabur kanginan.

Nalika srengenge wis nglewang ngulon, Teruna munggah nuju gubug kang mapan ing sandhuwuring kali. Watara rong sasinan Teruna mapan ing gubug kuwi. Najan ora ana pangan kang murwat, nyatane Teruna eman ninggalake papan kuwi. Yen wetenge luwe apa wae bisa kanggo ngganjel weteng. Saben dina dheweke ngasak pohung ing pategalan iku. Lumayan menawa entuk pohung ngganyong sing rasane legi seger. Uga woh-wohan kang ana sakiwa tengene alas kono. Rada mujur, awit ing papan kono akeh wit pace kang lagi nedheng-nedhenge uwoh najan to godhonge prigis marga ketiga.


Teruna ora aji mumpung. Dheweke mung mangan sacukupe woh pace mau. Disekarep bisa kanggo cadhangan mangan sadurunge dheweke ninggalake papan kono. Najan awale rinasa abot, awit nalika isih ana rama lan ibune, dheweke ora nate kekurangan pangan. Ramane kang sodagar batik pancen uripe kecukupan. Apameneh Teruna mung anak ontang-anting. Ananging kahanan saiki malik grembyang. Teruna wong lola ora duwe sapa-sapa. Ana wewengkon ngendi wae dheweke ora ngerti.

Teruna wis duwe krenteg lan niyat ora bakal bali menyang omahe. Dheweke rumangsa tentrem urip ing gubug sandhuwure kali kuwi. Dheweke arep ngubur jero-jero lelakon pait kawuri. Dheweke pengin mbukak lembaran anyar nadyan ta durung genah tujuwane. Dheweke ora wani mlebu karang padesan awit isih wedi ketemu uwong. Ing pangrasane, kabeh pawongan kaya-kaya nguwasi lan nyubriyani dheweke. Rumangsa begja kalamun dheweke nemu gubug suwung  kang mapane ana pategalan sacedhake alas sing adoh saka karang padesan.

Klambi lan clana sing tumemplek ana awake saiki wis malih werna. Martandhani yen asring kena panas udan awit saben dina dienggo. Ing kana-kene uga suwek marga bolahe wis mrepel. Yen ditonton saklepasan saka nyandhang penganggone pantese kaya wong ora genep. Kamangka biyen ing desane, klambi lan clana sing dinggo iku mujudage barang sing wah marga arang banget bocah saumure nyandhang kaya dheweke. Saupama ana mesthi wae anake para priyayi ing kraton.

"Ah.... Panji Kuning," ngono panggresahe ati. Teruna kelingan marang lelakone keng rama lan ibune meneh. Mula ing wengi kang atis ing mangsa bedhidhing kuwi Teruna tansah memuji  ing mbesuke bisa malesake panandhange wong tuwane sakloron. Muga-muga dheweke bisa adu arep karo brandhal kang ora duwe rasa  kamanungsan kang aran Panji Kuning. Kepelan tangane sing cilik dikepelake banjur diantemake ing cagake gubug kaya-kaya ngantem dhadhane Panji Kuning.


Sahabat. terima kasih atas ampirannya. Sampai jumpa di kisah ke-3, ya!

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Legenda - DEMANG JEBRES # 2"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel