Legenda - DEMANG JEBRES # 1
Wednesday, 28 February 2018
Add Comment
![]() |
| Legenda - DEMANG JEBRES # 1 |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - LEGENDA - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, selamat berjumpa lagi dengan taman legenda. Kali ini akan disajikan cerita rakyat Demang Jebres bagian 1. Cerita rakyat ini mengisahkan tentang terjadinya Kademangan Jebres di Surakarta yang telah dimuat secara berseri di majalah Jaya Baya. Selamat menikmati.
DEMANG JEBRES
Bagian 1
Oleh: Parpal Poerwanto
Srengenge kaya-kaya mbakar bumi ing mangsa ketiga dawa. Angin kidul kang garing muserake bledug lebu lan gegodhongan aking nambahi kekesing suwasana. Wit-witan kang mranggas lan asate tuk-tuk sendhang mratandhani kaya-kaya wis ora ana panguripan ing papan kono. Katon ing brang wetan Gunung Lawu kang soklat padhas. Ing sangisore ya ora ana ilining banyu kali. Katon kali mau kari kedhungan-kedhungan cilik kang banyune bening ing antarane watu-watu gedhe. Ana sawetara iwak wader lan uceng lelumban ing antarane cebong-cebong. Kadhang kala uga ana nyamule iwak badher. Ananging saben dina banyune kedhung sansaya suda lan ora mokal menawa kang urip ana kedhung mau bakalan mati.
Semono uga kaya sing dirasakake dening nom-noman tanggung aran Teruna. Wis telung dina bocah mau ora lunga saka papan kono sawise rong sasinan kedlarang-dlarang oncat saka omahe. Weteng kang ngintir-intir tambah kemrucuk marga mung diisi banyu wantah kang asale saka kedhungan kali kang bening banyune. Manawa ana kekuwatan marga dheweke ngisep oyoding alang-alang kang ngadhung gula.Uga sawetara wohing pace sing diprangguli ing sadawane laku.
Wis ora petung adohe sikile jumangkah. Sandhal sing sekawit bisa kanggo nglindhungi sikile jumangkah wis suwe dibuwang awit wis ora bisa dinggo meneh. Mula saiki sikile cakaran. Awale pancen krasa lara lan rekasa mlaku cakaran, nanging nyatane saiki wis dadi pakulinan. Sikile sing biyen resik lan alus saiki malih katon luthu lan kapalen. Ora mung kuwi, ing sikile uga katon tatu-tatu marga kena lancungan utawa eri dhedhet. Rasane pancen lara lan njarem. Nyatake Teruna sajak ora ngrewes marang kahanan awake. Dheweke isih rumangsa begja dene bisa uwal saka bebaya pati.
Mapan ana wewengkon ngendi saiki dheweke ora ngerti. Sing penting dheweke isih ambegan wae kuwi mujudage kanugrahan saka Gusti kang tanpa upama. Isih ngegla nalikane ana prahara kang ndadekake keng rama-ibune seda marga kawengisane perampok sing ora duwe rasa kamanungsan.
Wengi kuwi kaya wengi-wengi biyasane ing karang padesan wis padha nutup lawang. Semono uga omahe Teruna uga wis nutup korine. Nalika ana wong ndhodhog lawang, keng ramane Teruna ora cubriya. Dikira pawongan sing mertamu mau uga duwe niyat lan sekarep becik wae. Ananging pranyata sing teka perampok kondhang kang aran Panji Kuning. Panji Kuning kuwi mujudage brandhal wengis kang ora wigah-wigih mateni kurbane lamun ora manut marang dheweke.
"He sidagar, yen ora gelem mati konyol tuduhna ana ngendi mas picis lan dhuwitmu koksimpen!" ancame perampok ing wengi kuwi. Kanthi wel-welan Teruna bisa nyawang praupan lancip mata sipit kanthi pedhang mingis-mingis ana tangane. Raine kang putih resik sarta umur-umurane kang isih mudha jan-jane ora pantes menawa pawongan mau dadi perampok. Apa meneh yen ndulu dedeg piyadege kang dhuwur kanthi pawakan sing rada krempeng. Ananging nyatane pawongan mau sajak ora gethokan. Nadyan mripate ciyut, nyatane pandengane kaya-kaya bisa nembus dhadhane sing disawang. Pangucape kang sora galak nuduhake yen ora baen-baen.
Sahabat, terima kasih atas kunjungannya. Sampai jumpa ke bagian 2, ya. Salam sastra.

0 Response to "Legenda - DEMANG JEBRES # 1"
Post a Comment