-->

Legenda - DEMANG JEBRES # 3

Legenda - DEMANG JEBRES # 3
Legenda - DEMANG JEBRES # 3
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - LEGENDA - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, berjumpa kemabli dengan taman legenda (cerita rakyat). Edisi kali masih melanjutkan kisah Demang Jebres, yakni seri ke-3. Cerita rakyat ini pernah dimuat secara berseri di majalah Jaya Baya. Selengkapnya adalah sebagai berikut.

DEMANG JEBRES

Bagian 3

Oleh: Parpal Poerwanto

Wengi kang atis. Langite kebak lintang. Rembulan tanggal telulas ngegla ing angkasa. Dewi wengi mau wis ngglewang ngulon. Ananging mripate Teruna isih angel dieremake. Ing wetan katon ngregemenge Gunung Braja kang mapan ana pereng kidul Gunung Lawu. Gunung Braja mujudage gunug sing sawetara dhuwure. Teruna nyawang langit kang kebak lintan mau. Pandulune ngener lintang Gubug Penceng wis adoh lumaku. Dheweke kelingan ceritane keng rama nalika padha andum dolanan ing plataran yen wektune padhang bulan. Saka crita mau Teruna ngerti arane lintang, kayata Jaka Belek, Gubug Penceng, Waluku, lan liya-liyane. 

Wektu semana kaya adate bocah-bocah padesan padha ngumpul ing plataran kang jembar. Ana sing jamuran, gobag sodor, jelungan, lan liya-liyane. Sawetara wong-wong tuwa padha ngobrol ngalor-ngidul bab tandhaning alam kang dumadi ing wektu wengi, kayata pulung, lintang kumukus, lan liya-liyane.


Lagi enak-enak ngumbar kenangan, dumadakan Teruna dikagetake dening klebate wewayangan ireng ngregemeng. Pawongan nyalawadi mau tumuju mring kali. Katon pawongan mau ngadeg njeger sangarepe watu gedhe kang awan mau kanggo lungguhan dening Teruna. Sawetara bacute pawongan mau sila methekel. Prastawa tangane gawe dupa kang ngambarake wangine menyan. Katon komat-kamit ngrapal donga. Teruna megeng napas. Panyawange kedhep tesmak marga gumune. Teruna tambah ngowoh nalika prastawa terwaca watu kang ireng ngregemeng iku dumadakan mencorong padhang kaya ana lampu petromake. Teruna sajak ora percaya karo kahanan sing diprangguli kuwi. Mripate diucek-ucek lan lengene dijiwiti dhewe. Pranyata ora ngimpi. Kabeh kang dumadi ing sangarepe dudu impen kembange turu.

Tambak gawok meneh, nalika saka sanjerone watu mencungul sawernane keris lan guci emas. Kaya dene bisa diparentah, keris-keris lan guci emas mlumpuk ing sangarepe pawongan nyalawadi mau. Barang-barang mau banjur diklumpuke lan dibungkus nganggo mori putih kang wis dicepake sadurunge. Sawise satata rapi pawongan tuwa mau ngadeg banjur ngangkat buntelan ing sandhuwuring sirah. Sabanjure mbungkuk sajak aweh kurmat marang watu item gedhe mau. Tanpa nolah-noleh pawongan mau banjur sekarep lunga saka papan kono.

Rasa pengin ngertine Teruna sansaya tambah. Kanthi ngati-ati dheweke ngetutake kaki-kaki tuwa mau. Lakune digawe mindhik-mindhik sekerep supaya ora kawistaran dening pawongan tuwa iku. Kuwanene Teruna dadi tambah nalika wong tuwa nyalawadi iku sajak ora ngerti yen dibuntuti dening dheweke kebukten ora nglegewa sithik-sithika.

Ananging, jejering manungsa jroning ati ya kedunungan rasa wedi. Teruna nduga aja-aja satemene pawongan tuwa iku satemene dudu manungsa ananging mujudage lelembut kang bakal njlomprongake. Mula dheweke banjur madeg-mangu. Nimbang-nimbang pikir. Embuh tekane saka ngendi dumadakan dheweke ana kuwanen kang gembleng jroning atine. Saupama pawongan mau njlomprongake uripe ya bakal ditampa kanthi iklas. Kabeh kang bakal dumadi dipasrahake marang Sing Gawe Urip. Ibarate mung nurut ilining banyu.


Mula kanthi gembleng Teruna njangkahake sikile kanthi alon-alon. Panyawange tansah manther tumuju marang kaki-kaki tuwa supaya ora kelangan lacak. Dalan rumpil kebak eri bebondhotan ora ndadekake niyate kendho. Sawise sawetara adohe, kaki-kaki tuwa mau tumuju mring gubug tuwa ing saperenge Gunung Braja. Kaya-kaya kena sihir, nalika pawongan nyalawadi iku ngadeg ing ngarep gubug, korining gubug mbukak dhewe. Katon ing sanjeroning omah gubug mung remeng-remeng marga kesorot lampu senthir.

Sahabat, terima kasih atas ampirannya. Sampai jumpa di seri ke-4. Tunggu, ya!

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Legenda - DEMANG JEBRES # 3"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel