Geguritan - SAPINGGIRE KALI WALIKAN
Sunday, 11 February 2018
Add Comment
![]() |
| Geguritan - SAPINGGIRE KALI WALIKAN |
Kali Walikan melintas sebagai pembatas Kabupaten Wonogiri dan Karanganyar ini sangat membekas bagi penulis. Sebab, sewaktu kecil hampir tiap hari bermain di kali tersebut terutama ketika musim kemarau tiba. Selengkapnya adalah sebagai berikut.
SAPINGGIRE KALI WALIKAN
Dening: Parpal Poerwanto
Ulege kali iki isih nggondheli rasa
wektu semana nalikane udan banjir
jabrisan lan badher ngebaki icir
Yen wayahe ketiga dawa
langen lelumban nyuntak rasa
gawe ipuk-ipuk
wader uceng padha mlumpuk
Ing sapinggire kali walikan
sore iki ngenam pengangen
uleging banyu
ngidungake maskumambang
emba pandome ngaurip
sing tansah lumaku
Ing sapinggire kali walikan
pucuke alang-alang
dolanan banyu
ngetungi wektu
Pojok Gurit, 110218
Sahabat Taman Tembang dan Sastra, terima kasih atas kunjungannya. Sampai jumpa, salam sastra: rekat santun ukhuwah.

0 Response to "Geguritan - SAPINGGIRE KALI WALIKAN"
Post a Comment