GEGURITAN KEKEMBANGAN KANG KOKRONCE LAN ANA BREGOWONG
Saturday, 9 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN KEKEMBANGAN KANG KOKRONCE LAN ANA BREGOWONG |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Geguritan ini terdiri dari dua judul yaitu Kekembangan Kang Kokronce dan Ana Bregowong karya Parpal Poerwanto. Selengkapnya adalah sebagai berikut.
KEKEMBANGAN KANG KOKRONCE
Dening: Parpal Poerwanto
Kekembangan kang kokronce
Nuwuhake pitakon lungse
Nambuh tuwuh anglanguh
Njenggung suwunging kalbu
Ulege angin ketiga gawe miris
Marang gegodhongan aking
Menur alum melas luh
Mlathi lungse anyerawe
Gagar wigar mawar ngambar-ambar
Kekembangan kang kokronce
Isih nuwuhke pitakon lungse
Wonogiri, Juni 2000
ANA BREGOWONG
Dening: Parpal Poerwanto
Ana bregowong jroning komputer
Peteng dhedhet
Muleg tanpa swara
Apa iki bumi kita?
Impen-impen tuwuh ing internet
Wewayanganmu malang kadak
Ngumubke getih lan mata perih
Njingglengi lugu pawadonan
Ana bregowong jroning komputer
Peteng ndhedhet
Jerit tanpa swara
Apa iki bumi kita?
Bregowong nyimpen lading lipet
Njuwing-juwing sarap uteg
Wengur awak muntah arak
Ing ilining getih
Lan tatu arang kranjang
Tanpa aran
Meksa bregowong jroning ati
Wonogiri, Juni 2000

0 Response to "GEGURITAN KEKEMBANGAN KANG KOKRONCE LAN ANA BREGOWONG"
Post a Comment