GEGURITAN RAMA PARASU
Sunday, 10 December 2017
1 Comment
![]() |
| GEGURITAN RAMA PARASU |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Geguritan (puisi berbahasa Jawa) dengan judul Rama Parasu karya Parpal Poerwanto ini pernah dimuat di Jaya Baya No.35 25 April 2001. Geguritan ini mengisahkan sosok Rama Parasu dalam pewayangan Jawa (Purwa), selengkapnya adalah sebagai berikut.
RAMA PARASU
Dening: Parpal Poerwanto
ruhku ngumbara
ing tatahaning wektu
ngupadi sejatining sejati
dudu wisnu dudu hyang wiku
sun dadya jemparingkumlesat amem
dadi seksi bisu ing tegal kuru
kramas getih trah barata
nyawa tanpa aji
padha dolanan pedhange yamadipati
apa salahku kesiku mrangguli lelakon iki?
ora!kabeh wis pinasthi
saperang ambisi
saperang dharma
padha-padha den kukuhi
ah, getih barata
mayuta-yuta nyawa tanpa guna
kalebu murid pilihanku
mahawira kuru
kumbayana uga radeya
ngelingake lelakon lungse
gembung-gembung gemlundhung ketaman wadung
pating njrebabah satriya kena panah
ah, urip kang mbosenake
saben-saben kena wangke
sadurunge tancep kayon
luhku kesaruk-saruk laku
manut ilining banyu
tintrim
amem
badhar Parasu Rama
Jaya Baya No.35 25 April 2001

Boten dong pak...
ReplyDeleteSektine basa jawa, jian elok tenan.