GEGURITAN KALIKU
Wednesday, 20 December 2017
1 Comment
![]() |
| GEGURITAN KALIKU |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra selamat berjumpa kembali. Kali ini akan diunggah sebuah geguritan atau puisi berbahasa Jawa karya Parpal Poerwanto yang berjudul Kaliku.
Geguritan Kaliku ini berkisah tentang sebuah kali yang bernama Walikan di mana si penulis memiliki kenangan banyak di masa kecilnya. Namun, kenangan itu tinggal kenangan karena kondisi kali pada sekarang ini sudah jauh berbeda. Geguritan ini pernah dimuat di koran Poskita Minggu tanggal 25 November 2001. Untuk selengkapnya simak berikut ini!
KALIKU
Dening: Parpal Poerwanto
katak
kadung
kecemplung
kedhung (agung)
wektu semana kaliku isih megung
sangu pancing mulih nggawa palung
sapi sapen
lanang wadon ora ijen
sambi angon bebek iwen
lembu menda padha ledren
katak
kadung
kecemplung
lurung (suwung)
saiki kaliku ora duwe kedhung
pasir watu wis diusung
iklan tivi
ngujiwat ati
ora ngati-ati
ilang jatining dhiri
Wonogiri, 24 Maret 2000
Poskita Minggu Kliwon, 25 November 2001

Kali pundi nggih sing isih saget ngge siglon?
ReplyDeleteKelingan jaman cilik, siglon seger ancen banyune bening tur resik. Sambi slulup isoh nyekel iwak.
Lha sakniki, kiwo tengen kali sinawang plastik, softex pating crenthel neng carang papringan.