GEGURITAN SEPI
Thursday, 21 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN SEPI |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, pada kesempatakan ini akan disampaikan salah satu geguritan atau puisi berbahasa Jawa karya Parpal Poerwanto yang berjudul Sepi.
Geguritan ini pernah dimuat di majalah berbahasa Jawa, Jaya Baya No. 10, 4 November 2001 ini berkisah tentang suasana lan kahanan kang sepi, juga dalam hati. Untuk selengkapnya simak berikut ini!
SEPI
Dening: Parpal Poerwanto
yen micara sepi
golekana nyenyesing ombak samodra tan winates
kang mikut antenging angin
jinangkar pulunging ati
ombak-ombak mbranyak
sumendhe ing sikil langit
kaya abanging wenter disumba bang
kaya penari kang rampung jogetnya
micaraa sepi
micaraa!
nadyan mung angin ngisis
nampek gendhangan kuping
cublesna sewu dom ing ngawak
tunjemna candrasa ing sepi
tan obah
tan owah
sepi nyenyet panggah
Studio Hara, Mei 2001
Jaya Baya No. 10, 4 November 2001
Matur nuwun sampun kepareng pinarak.
Raket lan santun ukhuwah
Geguritan ini pernah dimuat di majalah berbahasa Jawa, Jaya Baya No. 10, 4 November 2001 ini berkisah tentang suasana lan kahanan kang sepi, juga dalam hati. Untuk selengkapnya simak berikut ini!
SEPI
Dening: Parpal Poerwanto
yen micara sepi
golekana nyenyesing ombak samodra tan winates
kang mikut antenging angin
jinangkar pulunging ati
ombak-ombak mbranyak
sumendhe ing sikil langit
kaya abanging wenter disumba bang
kaya penari kang rampung jogetnya
micaraa sepi
micaraa!
nadyan mung angin ngisis
nampek gendhangan kuping
cublesna sewu dom ing ngawak
tunjemna candrasa ing sepi
tan obah
tan owah
sepi nyenyet panggah
Studio Hara, Mei 2001
Jaya Baya No. 10, 4 November 2001
Matur nuwun sampun kepareng pinarak.
Raket lan santun ukhuwah

0 Response to "GEGURITAN SEPI"
Post a Comment