-->

GEGURITAN AJA NGGAWA PEDHANG LAN DAKSANGGA

GEGURITAN AJA NGGAWA PEDHANG LAN DAKSANGGA
GEGURITAN AJA NGGAWA PEDHANG LAN DAKSANGGA



TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, edisi kali ini ditampilkan dua geguritan sekaligus, yakni Aja Nggawa Pedhang dan Daksangga yang keduanya pernah dimuat di koran Poskita Minggu.

Geguritan karya Parpal Poerwanto tersebut selengkapnya adalah sebagai berikut.

AJA NGGAWA PEDHANG
Dening: Parpal Poerwanto

aja nggawa pedhang
awit iku dudu pepadhang
urip mbok sing sabar
samubarang gawe nalar

yen diagar-agari pedhang
aja tinggal glanggang
urip mung sepisan
aja isin kewirangan

aja nggawa pedhang
awit iku dudu pepadhang
sing kumecap saka ilat
landhep ngungkuli pedhang gilap

Wonogiri, 1 Mei 2000
Poskita Minggu Kliwon, 18 Februari 2001

DAKSANGGA
Dening: Parpal Poerwanto

daksangga sakabehing lelakon
kang njiret laku
nanging apa aku mung cukup
ngrakit gurit
manawa sliramu njerit
marga wis kelangan gapit?

dredah owah
yen jumangkah salah
ora obah kalah
lelumban tanpa wayah

daksangga sekabehing lelakon
dudu pepesthening Hyang Manon

Wonogiri, 14 April 2000
Poskita Minggu Kliwon, 18 Februari 2001



Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "GEGURITAN AJA NGGAWA PEDHANG LAN DAKSANGGA"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel