GEGURITAN ADZAN, SUBUH, LAN GURIT GUYU
Wednesday, 13 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN ADZAN, SUBUH, LAN GURIT GUYU |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Geguritan atau puisi berbahasa Jawa dengan judul Adzan, Subuh dan Gurit Guyu ini pernah dimuat di koran Poskita Minggu Kliwon tanggal 18 Juni 2000. Untuk selengkapnya, geguritan karya Parpal Poerwanto tersebut adalah sebagai berikut.
ADZAN
Dening: Parpal Poerwanto
tumlawunge wektu
mecah adzan kang ngaru-aru
awakmu ancas
mbuwang tilas
Poskita Minggu Kliwon, 18 Juni 2000.
SUBUH
Dening: Parpal Poerwantowong tuwa kelebu aku
ing langgar tuwa adhedhamar teplok
kaya-kaya bali nomplok
kabeh kang nate ilang
keayeman lan katentreman
Poskita Minggu Kliwon, 18 Juni 2000.
GURIT GUYU
Dening: Parpal Poerwantosapa bae bisa ngguyu
nggeguyu kang bisa diguyu
ana wong ngguyu
guyune semu nggeguyu
sing diguyu malah ngguyu
sapa bae bisa ngguyu
nggeguyu kang ora lucu
nggeguyu guyumu
nggeguyu guyuku
Poskita Minggu Kliwon, 18 Juni 2000.

0 Response to "GEGURITAN ADZAN, SUBUH, LAN GURIT GUYU"
Post a Comment