-->

CERKAK KEPALA SEKOLAH

CERKAK KEPALA SEKOLAH
CERKAK KEPALA SEKOLAH

TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - CERKAK - Cerkak atau cerpen berbahasa Jawa berjudul Kepala Sekolah karya Parpal Poerwanto ini diambil dari Antologi Cerkan Aku, Dasamuka, lan Sengkuni. Cerkak ini adalah pemenang harapan 3 Lomba Cerkak Yayasan Karmel Malang tahun 2013. Selengkapnya adalah sebagai berikut.

KEPALA SEKOLAH

Dening: Parpal Poerwanto
Katon suntrut guwayane Sarmuji. Pawongan kang ngasta dadi guru kanthi gelar Sarjana Pendidikan alias S.Pd kuwi sajak ora percaya karo sing diomongake dukun Diman. Sapa sing ora percaya karo kewaskithane Eyang Diman, ngono dhukun mau asring disapa, anggone nebak kahanan sing bakal dumadi. Ibarate ngherti sadurunge winarah. Wah jan-jane ya bisa diarani keladuk. Ananging pancen sing dumadi ya kaya mangkono mula sapa sing bisa selak marang kaluwihane Eyang Diman.

"Wah, blaik...jenengmu saiki peteng, Le...." ngendikane Eyang Diman marang Sarmuji. Sarmuji kaget banjur nggleles. Kringete nelesi sakujur awake. Kabar pungkasan mau dirasa pancen banget nguwatiri. Kamangka dhek wingi sore terang terwaca lamun jenenge ngetengger ana urutan ndhuwur dhewe ing antarane calon-calon kepala sekolah liyane. Lha yen saiki jenenge ilang apa ora bakal ngisin-isini? Menawa ngukur para calon kepala sekolah liyane dheweke yakin yen bakal lulus lan diangkat dadi kepala sekolah. Alesane, sepisan dheweke pinter. Kapindhone umure isih kelebu enom dhewe tur meneh siji-sijine sing duwe gelar sarjana. Pawitan kuwi mau mula ora mokal yen miturut Eyang Diman jenenge dheweke menthengkreng ana urutan sepisan, nomer wahid!

"Nuwun sewu Eyang, mbok dipun tingali sepisan malih!" pangrintihe Sarmuji marang Eyang Diman. Wong tuwa sing rambute wis malih kabeh mau watuk marga keselek idu. Panyawange manther marang Sarmuji sing ndhingkluk kaya ora duwe daya. Jan-jane dheweke kesinggung marang panjaluke Sarmuji mau. Ananging dheweke ya duwe rasa sungkan wong Sarmuji kuwi guru gek uripe ya sugih mblegedhu. Sarmuji kuwi pancen prigel dedagangan wiwit enom biyen. Utamane anggone dadi pengepul asil bumi. Saka anggone dagang mau dheweke duwe omah gedhong magrong-magrong. Ing garasine ana trek cacah loro lan mobil pribadi weton anyar kinyis-kinyis.

Eyang Diman banjur ngeningke cipta. Sawetara sajak ora ana obahing angin. Sajak kena prebawa, Sarmuji uga mepeng ambegane. Jroning ati dheweke ndonga muga-muga Gusti Allah ora paring wirang marang dheweke.

"Wis Le, Eyang nyerah marang kang bakal dumadi. Eyang isane ya mung ndedonga muga-muga wae entuk dalan liya murih kasembadan gegayuhanmu...."
"Kok saged ngaten, to Eyang?"
"Sing jeneng manungsa mono mung wenang marsudi, ngupaya, mbudi daya. Kabeh mau ora bisa ngalahake kuwasa-Ne sing ngecet lombok."

Angluh lakune Sarmuji nuju menyang parkiran sedhane. Yen kongsi dheweke mrucut dadi kepala sekolah apa ora wirang? Mendah aloke para calon kepala sekolah liyane marang dheweke.Isih kelingan nalika tes kae dheweke bisa nggarap kabeh lan yakin bener. Iki beda adoh karo kanca-kancane. Mula ora mokal nalika dheweke ngyakinake marang Eyang Diman lan kebukten menawa jenenge pancen ana urutan siji

Jan-jane sing dipirit dadi kepala sekolah mono dudu bab pengasilan. Wong nyatane antarane guru karo kepala sekolah gajine ya mung kacek duwit pengaji satus selawe ewu. Ananging sing jeneg prestise ora bisa diukur nganggo pengaji dhuwit. Yen mung ukuran dhuwit wae dheweke kuwi sasat pabrike. Priye-priyea wae sing aran status sosial kuwi ya kudu dipersudi ben uripe tambah kajen keringan.

Tekan ngomah, Sarmuji banjur mlebu ngomah. Lawange pencen durung dikunci amarga ya durung patiya wengi. Ngongak menyang kamar katon bojone lumah-lumah ana tempat tidur. Anake wedok sing isih manten anyar sajake wis angrem ana kamar karo sisihane. Dene anake sing ragil pancen ora ana ngomah amarga kos ana Solo, kuliah. Sarmuji banjur metu ngomah meneh lan lungguhan ana bethek. Atine isih ora jenjem. Kepriyea wae dheweke ora trima yen kongsi ora lulus dan diangkat dadi kepala sekolah.

Kamangka Eyang Diman wis cucul tangan.Ateges kaya-kaya pengarepane wis pepes. Roko sing lagi wae disumet dipithes meneh. Dheweke banjur menyat ngadeg. Lakune ngarah menyang omahe Jono. Sapa ngerti Jono bisa diajak wawanrembug lan bisa ngudhari pikiran sing ruwet. Jonoi kuwi sanajan mung usaha bukak warung klonthong nyatane dheweke iku ya sarjana. Malah anggone nyandhang gelar sarja dhisik Jono tinimbang karo Sarmuji dhewe.

Kebeneran Jono mentas wae nutup tokone. Ngerti Sarmuji teka, Jono banjur alok, "Ngersake napa Pak Guru?"
"Ora golek apa-apa....mung dolan wae," semaure Sarmuji karo nibakake bokong ing lincak cedhak toko klonthonge Jono.
"Estu niki....mboten ngersake napa-napa? Pun badhe kula tutup,hlo...."
"Oh ya...rokoke sabungkus wae...."
"Rokok napa, kados adate?"

Sarmuji ora semaur awit dheweke yakin yen Jono wis apal karo rokok karemane. Awit saben dina mesthi wae tuku rokok ana tokone Jono.
"Kadingaren Pak Guru dalu-dalu medal," kandhane Jono karo ngulungake rokok lan lungguh njejeri Sarmuji.
"Aku lagi buneg,Jon...|
"Enten napa to Pak Guru, kok sajak wigati ngaten?"

Sarmuji sajak nating-nanting jroning ati. Yen dheweke bakal blaka marang Jono, ateges ana wong kang ngerti marang lelakone. Dene suwalike, yen kongsi apa sing dikandhakake Eyang Diman bener ateges dheweke ora bakal lulus diangkat dadi kepala sekolah mendah luwih wirange. Wong saben kumpul-kumpul karo kanca-kanca guru wis akeh sing mbedhek lamun dheweke kuwi calon sing paling kuwat, mokal yen ora lulus. Semonoi uga para tangga teparo ya wis ngerti bab kuwi. Pancen kabeh mau dudu salahe. Ananging sing wedok seneng obral omong yen sedhela meneh sing lanang bakal dai mantri guru. Malah sawetara tangga wis ana sing nyapa marang bojone kanthi sebutan Bu Mantri Guru.

"Kok kados nglamun nggih Pak Guru?" pitakone Jono meneh. Sarmuji sajak blingsatan banjur mesem, lan terus aweh wangsulan.
"Ora ngapa-apa, kok," semaure karo ngudhar rokok lan didudut saler banjur diempakake. Roko kretek mau banjur diakep kanthi jero lan keluke ditokake karo watuk-watuk cilik.
"Mboten sah pekewet lo Pak Guru. Menawi onten prekawis tuwin kula dipun pertados kedahe Pak Guru ngendika mawon."

Krungu ature Jono mau atie sajak krasa ayem. Muga-muga Jono bisa aweh pepadhang. Mula Sarmuji banjur bisik-bisik kaya bocak cilik dolanan kae. Jono katon manthuk-manthuk banjur aweh wangsulan ya karo klesak-klesik. Ora let suwe wong loro banjur mlebu ngomahe dhewe-dhewe saperlu ganti pakeyan. Wengi kuwi udakara jam setengah rolah Sarmuji karo Jono budhal menyang omahe sawijining pawongan.

Ana ing satengahe dalan, Saemuji sajak nanjehake apa bener wong sing bakal ditemoni wengi kuwi bisa mbiyantu dheweke. Jono aweh wangsulan kang benget bisa dipercaya. Ing kalangan pegawe negeri sapa sing ora kenal karo Darman? Dheweke pancene mung trima kepala sekolah ing sawijining SMK. Ananging dheweke kuwi cedhak banget karo wong nomer siji ing kabupaten iki. Wis ora ketung meneh PNS sing pengin munggah jabatan utawa mutasi menyang papan sing dikarepake kasil marga saka campur tangane. Kasarane, Darman bisa diarani calo. Ora krasa sedhan wis mlebu pekarangane Darman sing jembar. Jono aweh sasmita marang Sarmuji akon mlebu pekarangan kuwi.

Tekan omahe Darman pandom jam wis gathuk ana angka rolas. Wong loro sajak madeg-mangu.
"Wis yah mene ki piye?" Sarmuji takon karo nyawang jam tangane.
"Tanggung....pun kelajeng dugi mriki."
"Apa kowe kenal cedhak tenan to karo....sapa mau?|
"Mas Darman...estu hlo Pak, kula reket saestu...."
"Ya wis, ayo mudhun, kalah cacak menang cacak wong wis diniyati," kandhane Sarmuji karo mbukak lawang sedhane. Wong loro mudhun saka sedhan banjur Jono uluk salam.

Nalika uluk salam sing kaping telu sajak ana sing mlaku nuju lawang.
"Wa'alaikum salam.... sinten, nggih?"
"Kula Jono Mas Darman."
"Weh...kowe Jon. Ana apa bengi-bengi teka mrene? Mangga pinarak!" ujare Darman mbagekake Sarmuji karo Jono. Wong telu mlebu ngomah banjur lungguh ing kursi tamu.
"Sajak wonten wigatos? pitakone  Darman karo ngulungake tangan ngajak salaman, "Wilujeng, kula Darman."
"Pangestunipun, kula Sarmuji."
"Ana apa ta Jon, ora udan ora gludhug tengah wengi mara mrene?" pitakone Darman maneh.
"Iki hlo Mas, ana perlu sithik."
"Yen mung sithik rak bisa sesuk karo badminton, to?" Darman ngguyu nggodha Jono. Sing klencutan malah Sarmuji. Mula sikile midak sikile Jono aweh sasmita supaya enggal-enggal ngaturke prelune.
"Ngene, hlo Mas, Pak Sarmuji iki ndherek tes kepala sekolah. Wah...ora tak bacutke mesthine wis maksud, ta?" ujare Jono karo ngguyu.

Darman nglendhehake gegere nyang lendhehan kursi tamune sing mentul-mentul. Bathuke dijengkerutake sajak ana sing dipikir.
"Hla pora nggih sampun yakin, ta Mas Guru?" pitakone Darman. Kena pitakonan kuwi Sarmuji sing maune arep meneng wae akhire ya udhu rembug.
"Jaman sakniki, nek naming ngandelaken nasib lan kapinteran kok raose dereng manteb," semaure Sarmuji alon-alon. Darman sing wis kulina ngrungu jawaban kaya mangkono sajak ngguyu jroning ati. Dheweke wiwit ayem.Ateges rejeki teka ing tengah wengi iki.
"Wah, ning nggih niku Mas Guru, jer basuki mawa beya," tandhese Darman.

Akhire rega wis dadi lan padha sarujuke. Sarmuji katon padhang guwayane. Sunar mripate sing maune aclum saiki suminar kaya lintang penjer rina. Sabanjure Sarmuji lan Jono pamitan karo ngaturake panuwun lan njaluk pangapura awit tengah wengi anggone mertamu. Darman ngutapake tamune tekan bethek kongsi sedhan mau ilang saka pandulu.

Dina wis ganti. Lumaku kaya adate. Ananging ana bab beda yen digatekake. Kwit mau manuk prenjak manther ngoceh ana pang pelem. "Sajake bakal ana tamu agung, " ngono batine Jono. Tenan, ora let suwe ana sedhan abang rupane mlebu ing pekarangane. Ora lidok meneh tamune kuwi Darman kanca kenthele. Ananging kok kadingaren temen dheweke kersa dolan menyang omahe awit biayasane Jono sing asring mara dolan nyang omahe Darman.

"Mangga pinarak, tamu agung ta, iki mau?" Jono mbageke Darman.
"Ana kene wae, Jon," semaure Darman sajak krasa ora kepenak.
"Ana apa, ta Mas?"
"Kancamu kae jan-jane uwong apa dudu, ta?" Darman sajak nesu.
"Hlo, aku ora mudheng tenan lo Mas, mangsude apa?"
"Iki mau aku bar nyang omahe.Yamesthine nakokake prejanjen biyen kae. Coba rungokna apa jawabane apa. Dheweke omong nek anggone kasil dadi kepala sekolah kuwi amarga dheweke lulus tes lan kepinterane. Dadi tanpa dakbantu wae ya kudune kasildadi kepala sekolah. Edan ora? Coba, banjur wangsulanku priye menyang Kanjenge? Raiku di deleh ngendi?"

"Adhuh...sepurane, ya Mas. Aku dadi ewuh aya iki. Terus terang aku mung sadrema nglantarake dheweke marga sambat menyang aku."
"Ora pa-pa. Ben girang gumuyu Sarmuji. Dheweke cen durung ngerti sapa aku iki," Darman sajak getem-getem. Banjur ngomong meneh, "Ngene Jon, dheweke duwe anak utawa adhi sing melu tes CPNS taun iki, ora?"

Jono ora bisa selak. Dheweke blaka yen anake wadon Sarmuji pancen taun iki melu tes CPNS. Darman banjur nyathet jeneng anake Sarmuji mau banjur kandha, "Jon, seksenana! Yen kongsi anake Sarmuji lulus tes CPNS taun iki, mobil sedhanku iki bakal dakwenehake Sarmuji lan yen perlu daktambahi dhuwit seket yuta. Sarmuji ki apa ra reti yen aku iki baya mongsok wani-wanine ngadhali aku!"

Akhire apa sing diomongake Darman kebukten. Anake Sarmuji ora ketampa dadi CPNS kamangka wis cucul dhuwit meh atusan yuta marang oknum sing kandhane ngaku-aku bisa nglantarane pawongan sing kepingin lulus tes CPNS. Kamangka dhuwit mau anggone adol treke sing siji.

Sarmuji sajak ora precaya marang layang pengumuman asil tes CPNS mau. Kamangka dhuwit wis kasep pindhah tangan  lan mokal bakal baline. Isih jroning rasa keduwung lan rasa ngungun, Sarmuji dikagetake warta ing tivi. Ana kedadeyan kacilakan antarane trek lan mobil sedhan. Gambar ing tivi prastawa terwaca lamun trek sing njepaplang mlumah mau nomer plate dheweke wis apal. Ora lidok maneh trek mau ya duweke sing lagi antuk carteran momot woh-wohan menyang Jakarta. Sirahe Sarmuji abot, mripate klemun-klemun lan rinasa donya iki peteng dhedhet.

Studio Hara Desember 2012

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "CERKAK KEPALA SEKOLAH"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel