GEGURITAN PASEKSEN
Monday, 11 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN PASEKSEN |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA- GEGURITAN - Geguritan berjudul Paseksen ini karya Parpal Poerwanto. Geguritan ini pernah dimuat di majalah Jaya Baya No. 8. 21 Oktober 2001. Selengkapnya adalah sebagai berikut.
PASEKSEN
Dening: Parpal Poerwanto
Esuk,
bun-bun tumetes
dumadi banyu padasan
dadya panyucening ati
kalis saka riya ujub lan munafik
Awan,
srengenge kang ngagar-agar
ngaras bumi sing sigar
pating galasar polahing manungsa
sing nasar lan kesasar
dhuh Gusti,
nyuwun eling lan sabar
Sore,
yen wayahe srengenge lingsir
kuntul-kuntul mabur ngidul
bali ngumpul neng susuhe
mabur lawaran
kaya budhale
Surup,
kaya iklasing srengenge angslup
nliwati wengi peteng kebak pedhut
(nadyan nggembol pitakon:
apa sesuk isih ana jago kluruk?)
Wengi,
nalika wengi mbukak
wewadining Dumadi
mbabar sejatining titah
gondhelan Oboring jangkah
pasrah lan sumarah
Studio Hara - Pojok Wonogiri 922001
Jaya Baya No. 8. 21 Oktober 2001

0 Response to "GEGURITAN PASEKSEN"
Post a Comment