-->

CERKAK TILAS MANTU

CERKAK TILAS MANTU
CERKAK TILAS MANTU
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - CERKAK - Cerkak atau cerpen berbahasa Jawa dengan judul Tilas Mantu karya Parpal Poerwanto ini diambil dari antologi cerkak Dalam Mujur Ngetan. Cerkak ini merupakan pemenang ke-2 lomba menulis cerkak Yayasan Karmel 2015. Selengkapnya sebagai berikut.

TILAS MANTU

Dening: Parpal Poerwanto

Wong wadon tuwa iku mung bisa kelap-kelop. Tutuke sing merot ora bisa ngetokake tetembungan. Semono uga tangane ya ora bisa kumlawe. Ana pletike banyu bening ing tlapukane mripat. Ing njero atine, pengin banget ngrangkul lan njalukngapura marang tilas mantune iku. Ananging, sepisan meneh mung kekembenge luh sing bisa kawetu. Ora ngira yen pawongan sing sasuwene iki digething lan ora kasengguh dadi bageyane keluwarga, saiki nyatane ngluwihi katresnane anake wedok marang dheweke.

Tilas mantu kulit putih kanthi mata suthup iku pancene gemati tenan. Najan sacara agama lan pamarentahan dheweke iku sejatine wis dudu apa-apane, nanging isih ngrengkuh dheweke kaya dene nalikane isih dadi mantune. Kamangka, biyen nalikane isih dadi mantune, blas ora disengguh. Najan ta mangkono, mantune panggah kukuh anggone nggodheli keluwargane. Ing atine tuwuh pangarep-arep manawa kanthi laire keturunan mengkone, maratuwane banjur bisa lilih lan nampa kanthi apa anane.

Pangarep-arep kari pangarep-arep.Najan wis diparingi Gusti momongan, maratuwane urung bisa nampa kanyatan. Kuwi sing marakake keluwargane tansah usreg, ora tentrem. Sanajan dheweke sejatine mung trima meneng lan ngalah. Malah kepara sing tansah gosrek ora liya ya antarane Wuranti, bojone, karo simboke.
                                                                               ***
Mbok randha setengah tuwa iku pancene panggah ngukuhi kekarepane. Lambene sing kandel sansaya nggedibel nalikane mecucu. Katone pancen mangkel sing ora karuwan. Olehe ora anyel bae piye. Duwe anak wedok mung siji nanging kandhanane angel tenan. Ibarate lambe setumang kari semerang, nanging nyatane anake wedok malah nantang ngajak perang.

Pencene sing dadi kekarepane mbok randha iku ya ana benere. Lire, yen bab jejodhohan mono kudu ditimbang-timbang, utamane bab bibit, bobot, lan bebet. Kamangka yen ditiliki saka bab iku, anake wedok mung modhal rupa ayu.

"Jan-jane ki atimu ki digawe saka apa, ta Ndhuk? Wong kok olehe wangkal!"
"Pokoke aku ora sudi dirabi Guru Marlan."
"Yen ora gelem karo guru, wonmg ya Mas Mantri uga seneng karo kowe, ngono lo...."
"Halah...., mbok ya Simbok bae....! Wuranti njegeges.
Hush.... jak omongan wong tuwa malah sembranan!"
Mbok..., pokoke aku isih ngatebi pilihanku dhewe!"
"Wur...! Anakku ki mung kowe. Kamangka bapakmu biyen wis tau meling, yen kowe rabi aja adoh-adoh. Sukur bage entuk tanggane dhewe kaya Mas Guru utawa Mas Mantri kae. Coba pikiren sing wening. Upama kowe milih Mas Guru, kajaba wonge bagus uga wis cekel gawe sanajan anake randha kaya aku. Dene yen ora milih Mas Guru, saora-orane mbok nampa Mas Mantri. Sanajan wis dhudha, nanging isih enom tur ya durung duwe anak. Lan maneh, Mas Mantri kuwi rak wong sugih ta, Ndhuk."

Ananging Wuranti pancen wangkal. Dheweke wis rumangsa manteb lan sreg karo pilihane. Wong sing jeneng tresna mono ora mandhang rupaning kulit utawa ambane mata. Apa meneh kok turunane sapa utawa asale saka ngendi. Sing penting antarane rasa kekarone wis padha mathuke.

"Aku ki wong ndesa, tur meneh anake randha. Apa kira-kira awakmu gelem nampa?" pitakone Wuranti marang Bintoro alias Ah Yung. Sing ditakoki mung mesem.
"Kok mung mesem...., ora serius, ya?"
"Pitakonan kuwi kaping pira kawetu? Apa urung marem karo jawabanku?" Bintoro genti takon. Wuranti banjur nggulet  Bintoro sing linggihan ana kursi sofa kuwi. Ing njaba angine semribit.  Ngobat-abitke slambu jendhela.

"Kok malah mesam-mesem, ta? kandhane mboke meneh ngemu pitakonan. Wuranti kaget. Agi krasa lamun wis nglambrang marang lelakone sawetara kepungkur.
"Mbok, apuranen aku ya, Mbok. Aku wis manteb tenan karo Mas Bintoro."
"Wur..., kowe kena nampik Mas Guru utawa Mas Mantri. Nanging mbok golek bojo sing padha Jawane. Kajab adat lan budayane sing padha, wonge kudu ngerti lan bisa nampa aku minangka maratuwane."
"Mas Bintoro wis mratelakake yen gelem ngrengkuh lan ngramut simbok kongsi tuwa. Dadi aja kuwatir mengkone yen Simbok ora ana sing ngopeni."

Wong wadon loro, anak lan simbok iku pancen padha atose. Mbok menawa ya merga kegawa weton sing "geing". Mboke lair Wage, dene Wuranti dina Pahing. Mula tansah geseh anggone duwe penemu. Sidane mbok randha trima nglungani karo mecucu.
Dina tetep lumaku. Wuranti klakon dirabi Bintoro sanajan tanpa restu simboke. Untung bae paklike ora kabotan dadi wali. Ningkahe ya mung cukup eneng KUA lan disekseni dening sawetara sedulur. Simboke ora melu. Dheweke isih durung bisa nampa mantune. Malah nalikane manten anyar mau mulih saka KUA, mbok randha semapuit dadi layatan. Diroyong-royong, dituroke ana njogan. Ana sing ngipasi,ana sing mblonyohi minyak kayu putih.

Wuranti nubruk simboke karo ngambungi. Dheweke rumangsa dosa awit ora gelem nurut karo wong tuwane iku. Jroning ati jan-jane ana rasa keduwung. Dheweke ngerti lamun simboke kuwatir yen mengkone nalika tuwa lan wis jempo ora bisa apa-apa ora ana sing ngurusi. Kajaba pancene mantune kuwi keturunan Tionghoa, uga mapane ana Solo sing adoh karo omahe ing ndesa. Mesthi bae sabubare ningkahan Wuranti diboyong menyang Solo. Kari mboke sing ana ngomah ora ana kancane. Ngono penemune simboke sing tau kawetu.

"Simbok ya dajak omah Solo," ngono kandhane Wuranti wektu semana. Nanging simboke tetep wangkal ora gelem. Pawadane, sing jeneng lemah lan omah warisan iku pusaka sing kudu dijaga lan diaji-aji. Mangka omah joglo kuwi sanajan wis turun kaping telu, saka buyute simboke, ijik utuh bakuh. Mbok randha uga isih kelingan lamun suwargi bapake nalikane isih sugeng biyen nate wanti-wanti aja kongsi omah kuwi ucul saka garis keturunane. Tur meneh yen omah disuwungake bakal rusak dipangan rayap. Mesthi bae eman-eman.

"Mbok, elinga Mbok. Apuranen aku...! pengrembike Wuranti nalikane simboke eling saka semapute. Simboke ngelus-elus  rambute anak wedok ontang-anting iku. Kekembenge luh mrenthul wutah ora bisa kabendung.

Dina-dina candhake, Wuranti karo Bintoro ngalahi nglajo saka Wonogiri menyang Solo. Budhal parak esuk lan teka ngomah yen srengenge wis angslup suwe. Mung wae mbok randha pancen urung bisa nampa mantune. Ajak kok jeneng gelem takon dhisik, wong njawab pitakonan bae sajak larang regane. Ora mung kuwi bae, apa sing ditindakake dening Bintoro ora ana bener lan penere. Ora wurung Wuranti protes marang simboke. Ananging malah dadi gendra. Ibarate saben dina anane mung padu antarane mbok karo anak iku.

Dene Bintoro, trima meneng. Dheweke duwe keyakinan lamun maratuwane bakal lilih atine yen dheweke duwe anak. Sapa ta wonge sing ora tresna marang putu? Ora bisa diselaki yen wong tuwa iku luwih tresna marang putune tinimbang marang anake dhewe.

Bener, nalikane Wuranti mbobot, maratuwane gemati marang anake wedok iku. Gemati banget. Apa bae sing dijaluk Wuranti, utamane bab ngidham, simboke tansah mbudi daya amrih kelakone. Kamangka ngidhame ya klebu aneh-aneh, Salah sijine njaluk sega brekat sing ana tholone. Untung bae wektu kuwi ana wong mantu ing seje desa. Najan ora oleh ulen marga ya ora kenal karo sing duwe gawe, simboke mangkat jagong. Pamrihe ya kuwi mau, supaya entuk sega asul-asul.

Sikepe mbok randha marang mantune, ya ora owah. Wong wadon tuwa iku panggah ora nguwongake mantune.Najan mangkono, Bintoro ora serik. Awit dheweke wis prasapa yen bakal nampa apa anane keluwargane bojone. Apa bae resikone.

Wuranti wis nglairke. Bayine wadon ayu putih mrusuh. Ya ora maido najan Jawa deles Wuranti iku kulite ya ora kalah karo bojone sing keturunan Tionghoa iku. Raine bunder kaya ibune, nanging mripate sthup kaya bapake.

Mbok randha sajak katon bungah atine. Saking tresnane marang putu, malah ibarate Wuranti ra nyenthok anake kajaba yen anake ngelak njaluk disusoni. Emane, sikape simboke marang Bintoro isih panggah ora owah. Mula Wuranti ora trima. Sepisan meneh, dheweke protes marang simboke. Dadi padu gedhe. Wiwit kuwi saben dina anane mung rame. Wuranti ngancam arep lunga.

"Lungaa..., angger anakmu koktinggal!" panantange simboke. Wuranti sengkleh atine. Pepinginane urip ayem tentrem nyatane ora bisa. Dheweke bingung campur buneg. Yen mretahanake keluwargane mesakake sing lanang. Yen arep lunga mendah kepriye uripe simboke. Apa meneh yen anake ora oleh digawa. Apa ora bakal kapiran bocah sing durung duwe dosa kuwi.

"Saiki kari nurut kowe, Dhik...., Bintoro mrayogake. Banjur kandhane meneh, "Yen kowe arep lunga ora apa-apa. Aku sanggup njawa Simbok karo Nurul."
"Kok ngono, ta Mas?"
"Aku ora pa-pa. Saupama, sapa kuwi...., Mas Mantri, isih gelem ngrengkuh kowe.... aku ya ikhlas." Wuranti nubruk sing lanang banjur ngarasi. Ora ngira yen semono katresnane bojone marang dheweke. Mung kanggo pamareme marang maratuwane, mantu keturunan mau ngikhlasake wong wadon  sing banget ditresnani ningkah meneh karo kekarepane maratuwane.

Tenan. Sidane Wuranti dipek bojo karo Mas Mantri, sawise ditalak lan nunggu idah. Mbok randha sajak bungah. Apa meneh nalikane sikepe Mas Mantri marang Nurul, anak kuwalone sajak katon gemati. Bab kuwi pancene gawe rasa cemburune Bintoro yen kadhang kala tilik anake menyang desa. Nanging rasa cemburu mau diampet, sing penting keluwargane tilas bojone katon gumbira kebak kabagyan.

Wektu tansah lumaku. Wuranti wis duwe turun meneh nalika Nurul wis umur wolung taun. Dene Bintoro isih tansah sanja najan tilas maratuwane ya panggah ora nganggep dheweke.Sing penting bisa nyawang anake wadon. Uga bisa ngrasake kabagyane Wuranti sakulawargane. Pancen, keluwargane iku nemu begka mulya tenan. Mas Mantri pancen dadi mantu sing bisa gawe mareme maratuwane. Sanaja Bintoro jan-jane luwih sugih, nanging sing aran rasa mulya iku ora mung diukur dening bandha donya. Bintoro bisa nglenggana.

Emane, rasa begja mulya iku wiwit owah. Awit, Mas Mantri kudu mutasi tugas menyang liya dhaerah. Kamangka mbok randha isih tetep ngukuhi nunggu omah warisan mau kongsi sapupute umur. Mula kanggo kanca, ora ana liya Nurul sing ditinggal ana ngomah. Dene Wuranti karo bayine melu pindhahan karo bojone.

Sapungkure Wuranti saanak-bojone pindhahan, Bintoro ora nate lali sanja menyang omahe tilas maratuwane. Kuwi katindakake amarga rasa tresnane marang Nurul, anak ontang-antinge. Saben Setu sore Bintoro mesthi balik ndesa. Kajaba iku, kebutuhan saben dinane anak lan tilas maratuwane ya dheweke sing nyadhongi. Nganti ing sawijining dina, tilas maratuwane tiba kena stroke. Bintoro agahan nggawa tilas maratuwane menyang rumah sakit.


Wis seminggu tilas maratuwane mondhok ana rumah sakit. Ananging Wuranti ora bisa diubungi.Nomere wis ora aktif. Yen Bintoro mara menyang omahe ya ora mungkin, awit tilas maratuwane lan Nurul ora ana sing ngancani. Ateges, ya kudu Bintoro dhewe sing repot ngurusi tilas maratuwane ing rumah sakit lan anake wedok wiwit saka mangane lan uga sekolahe.

Wong wadon tuwa sing mung bisalumah-lumah ana dhipan rumah sakit iku nyawang manther marang tilas mantune. Ana rasa keduwung ing sajroning atine. Ora ngira semono gedhene kawigaten lan katresnane tilas mantune iku marang dheweke. Saupama wektu bisa diputer. Ah, ngono panggresahe ati. Ananging wong wadon iku mung bisa ngomat-ngamitke tutuke sing merot. Lan prenthule luh tansah tumetes nelesi bantal. Terus lan terus kongsi kabeh sesawangan sulak padhang nalikane tlapukane mripat ditutup dening juru rawat.

Wonogiri, satengahe wulan anyar 2015
Juara 2 lomba menulis cerkak Yayasan Karmel Malang 2015

Berlangganan update artikel terbaru via email:

3 Responses to "CERKAK TILAS MANTU"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel