CERKAK BUNGLON
Thursday, 28 December 2017
Add Comment
![]() |
| CERKAK BUNGLON |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - CERKAK - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, salam sastra: rekat santun ukhuwah. Selamat berjumpa kembali. Kali ini akan disajikan cerkak atau cerpen berbahasa Jawa karya Parpal Poerwanto yang berjudul Bunglon. Cerkak ini pernah dimuat di majalah Panjebar Semangat 41- tgl 13 Oktober 2001. Selamat menikmati!
BUNGLON
Dening: Parpal Poerwanto
Makjenggirat, Dhestrarastra tangi saka turune. Noleh kiwa-tengen golek pangilon. :Jagad dewa bathara! Rupaku malih dadi bunglon kaya ngimpiku mau!" Mripate diucek-ucek. Kaya-kaya ora percaya marang panyawange. Dibaleni ngilo maneh. Pyaaar! Pangilon dibanting.
Dhestrarastra genti nyawang bojone sing lagi turu ngorok. Marga saka ngoroke, bojone ora keganggu dening swara pangilon sing dibanting mau. Dheweke banjur mlebu papan riase bojone. Ngilo ing pangilon sing amba. Plak! Pyaaar! Pangilon ambyar dadi sajogan. "Perkara iki kudu dadi wadi. Aja nganti ana wong ngerti."
Dheweke banjur ninggalake istana ing wengi iku uga.
Hastinapura geger. Kabar lungane sang Nata wis sumebar sajroning praja. Kegawa dening simbok bakul sinambi wara. Para punggawa praja padha bingung. Kanjeng prameswari nangis niba-nangi. Semono uga para Kurawa lan para kawula ing Hastinapura. Sakabehing utusan kang disraya golek sisik melik cabar tan ana gawe. Ki Patih Sengkuni mung thela-thelo njawab sakabehing pitakonan. Minangka jejering patih mesthine kudu weruh menyang ngendi tindake ingkang sinuwun. Mula ora mokal yen Sengkuni buneg lan judheg mikirake kahanan ini. "Durung nate sang Nata tindak ora cecala dhisik. Aja-aja Kanjeng Sinuwun ora tindak ning kepara diculik mungsuh. Aja-aja mungsuh dumunung sajroning istana wae. Wah, gawat!" rasa pangrasane ngomong ngono. Mula banjur Sengkuni mikir kepriye amrih Negara Hastinapura slamet saka tangane mungsuh.
Ing pendhapa agung, Sengkuni ngumpulake para Kurawa lan ora lali jangkep sakabehing punggawa.
"Anak angger Kurupati, minangka putra mbarep wis dadi trepe yen sliramu kudu nylametake praja lan trah Kuru saka mungsuh-mungsuh sing ora seneng."
"Wonten punapa ta Paman, kados wonten bab ingkang nguwatiri?"
"Ngene, Anak Angger, sapungkure Sang Nata kang ora genah kabar lan dununge, yen miturut pamikire paman, mesthu ana sing ndhalangi. Bisa uga Sang Nata diculik dening mungsuh. Aja-aja mungsuh iku ora adoh saka kene. Mula Anak Angger, sliramu kudu madeg dadi narendra nyulihi ingkang rama supaya paprentahan ora komplang."
"Lho, mengko dhisik, Adhi! Apa kowe ora ngerti yen sing ngehaki ngganti kalungguhan iku turune Pandu Dewanata?" Drona nyela.
"Bener, Paman. Sing ngehaki rak ya Dhimas Ydhistira?" Dursasana melu imbal.
"Whe, la dalah. Pancen kowe ki landhep dhengkul. Sasuwene iki sing ngasta pusaraning adil iku Kanjeng Dhestrarastra. Ateges Anakmas Kurupati iku pangeran anom sing duwe hak nata sawise sinuwun lengser. Ya ing kalodhangan kang kaya wektu iki wis pantes yen pangeran anom disengkakake dadi raja."
“Kepriye mengkone para Pandhawa? Apa dheweke ora bakal gawe klilip?" Drona takon maneh.
"Dheweke kuwi mung lima cacahe. Anak-anak Kuru cacahe ana satus. Apa wong satus arep mundur yen adhep-adhepan karo wong lima?"
"Ora, Paman. Dudu masalah iku sing nggubet pikiranku. Nanging, kepriye mengkone yen sawayah-wayah kanjeng Rama kondur lan ora nyarujuki?"
"Apa kabeh wis padha lali yen aku iki wong nomer loro ing Hastinapura iki? Aku wis suwe ngabdi ana kene. Kepriye wae aku wis bisa maca dalan lan pikirane Sang Dhestrarastra. Aku ngerti manawa Sang Nata iku tresna marang Pandhawa. Ning sanajan ta kaya ngapa tresnane marang Pandhawa, satemene isih tetep tresna marang keturunane dhewe."
"Aku ora mrayogakake apa kang dirembug kabeh mau. Kepriye wae ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih dharah Kuru. Mula aja kongsi pecah ing antarane. Becike lan adhile, negara iki dipecah dadi loro. Sasigar semangka edhing," Sang Mahawira Kuru mrayogakake.
"Walah, walah. Kuwi pratikele wong bodho. Yen kelakon negara Hastinapura disigar semangka malah bahaya. Bisa-bisa sawise Pandhawa ngedegake negara sing kuwat bakal nyaplok hake anak-anak Kurawa. Ora bisa! Negara Hastipura saisine kudu Kurawa sing ngehaki!"
Bumi gonjang-ganjing. Langit kelap-kelap katon. Gludhug mangampar-ampar. Kaya-kaya brontak marang apa sing diucapake Sengkuni. Kabeh mau gawe gegere Kahyangan Jonggring Saloka. Bathara Guru kapeksa utusan marang para dewa supaya tumurun menyang ngarsa pada nonton kahanan satemene ing Hastinapura.
Para dewa mau, Narada, Kanwa, Janaka, lan Parasu Rama wis tumurun ing Hastinapura. Dewa papat mau ngumpulake sakabehing gegambaran lan kahanan kang mengkone bisa kanggo palapuran. Mula sawise dirasa cukup, dewa papat mau banjur munggah makayangan saperlu atur palapuran bab kahanan apa satemene ing Hastinapura. Sajroning lumaku ana kaelokan. Parasu Rama ora katon ing antarane rombongan iku. Tanpa duwe rasa sujana, Narada, Kanwa, lan Janaka langsung marak sowan marang Bathara Guru.
"Whe la dalah. Kakang Narada, ana ngendi Parasu Rama kok ora bareng marak sowane?" Narada bingung. Sangertine Parasu Rama mau ya ana mburine. Lha kok saiki ora ana.
"Gawat, Kakang! Kodrate bathara nggarisake menawa ing antarane Kurawa-Pandhawa kudu dirampungake ing tegal Kurusetra!" Gumleger suwarane sang Bathara Guru. "Lan kowe Parasu Rama, marga pokalmu sing misah mau, kowe kudu tapa bisu ing tegal Kurusetra nganti perang Baratayuda Jayabinangun rampung!" supatane Bathara Guru sawise Parasu Rama ngatonake dhirine.
*
Sengkuni wis duwe petungan mateng amrih para Pandhawa ora dadi klilipe negara Hastinapura. Dheweke ngajak main dhadhu marang Pandhawa. Lan kanggo totohane yaiku negara Hastinapura saisine. Satemene Yudhistira wis bisa maca marang pokale Sengkuni. Ning dikaya ngapa dheweke ora bakal wani nulak. Mula main dhadhu iku kelakon tenan. Pandhawa kalah. Negara Hastinapura wis dudu hake.
Ora mung semono, Pandhawa kudu ninggalake praja. Pandhawa diukum ing satengahe alas gung liwang-liwung telulas taun lawase. Ya saka kene iki rasa pangigit-igit iku tuwuh. Mula supatake Bathara Guru kelakon tenan. Ing tembe mburine, Parasu Rama bakal dadi seksi bisu ing satengahe segara getih lan mayit ing Tegal Kurusetra.
Ing sawetara iku, Hastinapura pesta andrawina. Para Kurawa wis ora ngrewes ing ngendi dununge Sang Dhestrarastra, Malah, kanggo mahargya dina kamenangan iku, dianakake pesta kanthi wayangan lan tayuban pitung dina pitung wengi.
*
Ana ing gumuk sing hawane adhem mrebawani, ana pawongan sing nggetuni lelakon. "Dhuh Jawata Gung. Banget anggenipun nyikara kawula. Kenging napa, ing jejere kula punika raja binathara kok nglampahi lelakon ingkang kados makaten. Punapa lepat kawula? Punapa sadaya kalawau awit anggen kula mbedak-bedakake ing antarane Pandhawa lan Kurawa? Kula akeni bilih kawula pancenipun boten rila bilih nagari Hastinapura wangsul dhateng Pandhawa. Dhuh Bathara Gung. Kawula keduwung. Mila ing wekdal sapunika kawula badhe janji bilih nagari Hastinapura badhe kula wangsulaken dhumateng ingkang ngehaki, inggih anak-anak Pandhawa."
Gumleger swaraning guntur. Kilat mangampar-ampar. Udan deres kaya disuntak menyang bumi. Nanngin, pawongan tuwa mau isih ndonga nyeyuwun marang panguwasane Pangeran.
Nalikane udan wis lerem, dheweke lagi cabar anggone ndedonga. Kagete ora bisa digambarake nalika dheweke weruh wewayangane ing banyu udan kang megung.
"Raiku wis ora wujud bunglon maneh! Matur nuwun dhuh Jawata Gung. Panjenengan sampun ngabulake payuwun kula."
Dheweke banjur mutusake yen bakal bali menyang Hastinapura.
Satekane tepis wiringing istana, dheweke mandheg. Kaya-kaya dheweke ora precaya marang apa sing dideleng.
"Hastinapura lagi pesta andrawina? Ana apa satemene?" dheweke takon jroning batin.
Sakabehing kawula jejogedan. Ing alun-alun sakabehing punggawa lagi njoged karo ledhek tayub. Ora keri anak-anake sing rata-rata doyan wong wadon. Eloke, bojo lan anake wadon ora gelem keri. Dheweke padha jejingkrakan ora karuwan. Anehe, kabeh mau kaya dirasa jroning ngimpi. Geneya kabeh pawongan sing padha suka-suka iku malih dadi bunglon wewujudane? Sabanjure bunglon-bunglon iku ngebaki sadhengah papan. Dhestrarastra mlayu nunjang palang saperlu endha saka sakabehing lelakon. Nangin wewujudan bunglon-bunglon mau sansaya akeh jumlahe. Sansaya akeh....(-)
Studio Hara-Pojok, 280900
Panjebar Semangat 41-tgl.13 Oktober 2001

0 Response to "CERKAK BUNGLON"
Post a Comment