-->

SVETLANA, PERAIH EMAS JUDO POPDA JATENG 2026 KEPENGIN DADI ATLET JUDO PROFESIONAL & HAKIM

SVETLANA, PERAIH EMAS JUDO POPDA JATENG 2026

KEPENGIN DADI ATLET JUDO PROFESIONAL & HAKIM


Tamantembangsastra (Wonogiri). Svetlana Maheswari Febryndra, siswi SDN 1 Wonogiri duweni prestasi gemilang ing olahraga. Svetlana kasil ngukir prestasi kang ngawe mongkog sawise kasil ngrebut medali emas ing cabang olahraga Judo kelas +45 Putri ing ajang Pekan Olahraga Pelajar Daerah (POPDA) Tingkat Provinsi Jawa Tengah 2026.

Lair lan gedhe ing Wonogiri, bocah kang kebak semangat iki wis nuduhake bakat lan kedisiplinan kang dhuwur ing olahraga Judo wiwit cilik. Piwulang disiplin, panyengkuyung saka wong tuwa lan pehak sekolahane, sarta gemblenganing pelatih dadi kunci sukses Svetlana satemah bisa nyingkirake para pesaing saka wakil kabupaten/kota sa-Jawa Tengah.

“Keberhasilan iki ora ucul saka tekad lan gladhen sing sregep ing Sasana Dojo PJSI Wonogiri sarta panyengkuyung saka wong tuwa sarta pehak sekolah,” ngono jlentrehe keng ibu, Pebriyani Pamungkas.

Lumantar prestasi emas iki, Svetlana ora mung ngarumake jeneng sekolah lan Kabupaten Wonogiri, nanging uga dadi inspirasi kanggo para generasi muda supaya terus semangat nggayuh cita-cita lan prestasi ing babagan apa wae.

Bocah wadon klairan Wonogiri tanggal 3 Oktober 2014 iki minangka putra pambarep saka rong sedulur, patutan saka Bapak Septian Olim Ferindra lan Ibu Pebriyani Pamungkas. Dheweke manggon ing Giritirto, Kecamatan Wonogiri, Kabupaten Wonogiri.

Bocah kelas 6 sing seneng dhahar nasi ayam goreng iki duwe cita-cita mulya, yaiku kepengin dadi atlet judo profesional sarta dadi hakim ing tembe mburi. Muga-muga prestasi kang wis digayuh saiki dadi pambuka dalan kanggo nggayuh panggayuhane ing mbesuk. (PAL)



 

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "SVETLANA, PERAIH EMAS JUDO POPDA JATENG 2026 KEPENGIN DADI ATLET JUDO PROFESIONAL & HAKIM"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel