SEDULUR SELAWASE #KursiIreng #14
SEDULUR SELAWASE #KursiIreng #14
By Parpal Poerwanto
Taman Tembang Sastra (Wonogiri). Udan ngreceh ora mandheg-mandheg wiwit sore, njalari hawa ing njero omah lawas tinggalane Ki Truna sansaya njekut. Lampu teplok ing tengah ruwangan kedhep-kedhep katempuh angin sing nyusup saka sela-selane gedhek. Nom-noman loro sing lagi ngiket prasetya kekadangan lungguh ing klasa pandhan lawas. Nom-noman mau ora liya Gombang lan Gobet.
Gombang sing duwe pawakan luwih gedhe
tinimbang Gobet lagi ngangkat keris cilik tinggalane Ki Truna, banjur nggarit
sethithik pucuk drijine. Gobet tanpa mangu-mangu uga nindakake perkara sing
padha. Getih abang mbranang saka drijine wong loro kuwi ditetesake ing njero
cangkir lempung isi banyu putih.
"Wiwit wengi iki, adhem lan
panase urip bakal ditanggung bareng," omonge Gombang kanthi swara manteb,
nembus swarane banyu udan sing temetes ing gendheng.
"Yen siji dadi awu, sijine kudu dadi geni. Mulya-mati kita
sedulur," semaure Gobet. Gombang banjur ngombe banyu ing cangkir mau
separo, banjur diwenehake marang Gobet lan diombe nganti entek.
Rikala prasetya kuwi mentas rampung, dumadakan udan tambah deres
kesawung suwarane bledheg pating jumedhor.
Gombang lan Gobet pandeng-pandengan. Prasetya sing nembe wae diucapake
ing njero omah lawas kuwi sajake disekseni bumi-langit. Wengi sing njekut kuwi
dadi saksi purwakane lelakon gedhe sing kudu diadhepi sedulur angkat loro mau,
tanpa rasa mangu-mangu.
Janji-janji kang diucapake dudu
janji manis, nanging mung wujud tetembungan prasaja lan ngupadi gegayuhan kang
padha. Gobet sing nduweni ketangkasan lan kecerdikan maca kahanan, gathuk karo
kekendelan lan mripat alap-alape Gombang. Wong loro iku sadhar, yen mlaku
dhewe-dhewe dalane bakal cepet buntu ing pakunjaran utawa jugangan kuburan.
Nanging yen nunggal dadi siji, ora ana tembok benteng sing ora bisa dijebol.
Wiwit dina iku, ing ngisor
langit sing ngutahake banyu udan, lair pasangan begundhal enom sing bakal
nggegerake satengahing tanah Jawa: Gombang lan Gobet, nom-noman loro sing
diiket dening nasib lan kasepen.
Omah tuwa ing tengah alas iku
wis dadi seksi bisu lahire kemitraan peteng kasebut. Wong loro mau ora maneh
njagakake piwulang bab kaluhuran sing disuguhake dening donya kang apus-apus.
Kanggone Gombang lan Gobet, langit sing mendhung iku dadi payung, lan petenge
wengi bakal dadi kanca setya ing saben langkah sedyane.
Sauntara kuwi angin wengi sing
atis nrabas sela-selaning gedheg gubuk ing satengahe tegalan iku. Hawane rasane
nganti nembus balung, nggawe awake Gombang lan Gobet krasa ngekes. Gombang
banjur ngakon Gobet gawe kopi.
"Bet, gaweya wedang kopi kana!
Gula lan kopine ana babrakan," akone Gombang marang adhine anyar sing ditemu
amarga rumangsa ing nasib kuwi.
Gobet sing krungu panjaluke
kakange langsung gregat ngadeg. Tanpa semaya, dheweke agahan menyang omah pawon.
Lampu teplok sing remeng-remeng dadi pepadhang siji-sijine ing ruwangan kang
prasaja iku. Gobet nggoleki kayu garing ing ngisor babragan, banjur dilebokne
ing njero pawon cethik geni.
Geni ing jero pawon wiwit
ngalad-alad, madhangi praupane Gobet sing semu abang kena cahyane geni pawon. Gobet
banjur ngengkrongne ceret sing wis diisi banyu ing ndhuwur pawon. Karo ngenteni
banyu umub, Gobet nyiapake rong cangkir seng sing wis diisi bubuk kopi ireng
lan gula jawa sethithik.
Ora watara suwe, swara banyu umub
ing njero ceret keprungu kemrosok, kukuse kumelun. Gobet kanthi ngati-ati
ngiseni cangkir kalorone mau nganggo banyu panas, banjur diudhak alon-alon
nganti ambune kopi sing gurih lan legi ngambar-ambar ing pawon.
Cangkir kaloro iku banjur digawa
Gobet bali menyang klasa sing ginelar ing jogan. Wedang kopi rong cangkir iku
wusana siap ngancani wengine sedulur anyaran iku, ngusir rasa atis lan
nyunarakake swasana ing omah gubuk tengah tegalan kang sepi iku.
Uap panas saka cangkir kopi seng
isih kumebus alon, ngebaki ruwangan gubuk sing mung dipadhangi lampu teplok remeng-remeng.
Ing sandhinge grobog kayu jati tua sing dadi panyimpenan wewadi. Gombang
lungguh adhep-adhepan karo Gobet. Grobog iku katon angker, dislot nganggo
gembok wesi sing wis teyengen.
0 Response to "SEDULUR SELAWASE #KursiIreng #14"
Post a Comment