GOMBANG LAN GOBET #KursiIreng #13

GOMBANG LAN GOBET #KursiIreng #13
By Parpal Poerwanto
Ing sawijining warung kopi ing
pojokan pasar sing rada remeng-remeng, Gombang lagi leyeh-leyeh ngrasakake kopi
ireng ginasthel. Dheweke lungguh selonjor ing bangku kayu sing wis reyot,
nyesep rokok klembak menyan sinambi nyawang kukuse sing mumbul munggah. Senajan
katon tenang lan santai, nanging Gombang tetep awas marang kahanan sakiwa
tengene, njaga supaya wewadi sapa sejatine dheweke ora gampang kawiyak.
Ing meja sebrang, ana pemudha
saumurane sing rambute semrawut, mripate jelalatan kaya rase arep nyolong
pitik. Pemudha iku bolak-balik nglirik mrana-mrene, sikile ora bisa anteng, lan
drijine tansah nuthuk meja kayu kanthi irama sing cepet. Praupane katon bingung,
nanging ana sorot kendel sing dhelik ing balik mripate sing jelalatan iku.
Gombang nyruput kopine
alon-alon, nyawang pemudha mau saka walik kukuse rokok. Dheweke bisa ngrasakake
yen nom-noman ing ngarepe iki dudu wong jinis sing seneng pasrah marang nasib.
Ana hawa kang padha antarane dheweke lan pemudha mau—hawa wong kang wis ora
duwe apa-apa maneh kanggo diwedeni ing alam donya.
Swasana ing warung remeng-remeng
iku sanalika dadi saya kebak makna, dadi titik wiwitan patemon pituduh nasib
kang ora dinuga-nuga. Tenan, ora let suwe cah nom mau sajak wis duwe sasaran.
Dheweke nguwasi dhompete sawijining ibu sing lagi blanja. Alon-alon, bocah iku mlaku
nyedhaki ibu sing nggawa dhompet. Nalika tangane nom-noman mau meh nyaut
dhompet, sikile dislenthak Gombang. Nom-noman mau tiba njlungup.
“Kurang ajar! Sapa kowe wani
ganggu gawe aku?” takone nom-noman mau sawise ngadeg karo mripate mencereng.
“Aku Gombang. Yen dadi wong
lanang aja mung nyopet! Yen wani ayo nggedhor karo aku!” jawabe Gombang karo
ngungkurake nom-noman mau sajak ora nggagas menawa nom-noman mau bisa wae
ngajar Gombang saka mburi. Nanging, anehe nom-noman mau malah gigrik. Dhadhane
kumeser ngrasa wedi marang Gombang.
“Becike kowe melu aku wae!”
pangajake Gombang karo jumangkah mlaku. Erame, nom-noman sing duwe jejeng Gobet
mau kaya kebo dikeluh. Dheweke ngetutake lakune Gombang saka mburi.
Sawise
sawetara adoh lakune, nom-noman cacah loro mau banjur leren ing sangisore wis
ase.
"Aku ora duwe kanca, Kang. Aku
ya ora duwe keluwarga. Yen kowe oleh, aku gelem dadi andhahanmu. Apa wae sing
dadi prentahmu, aku bakal manut," omonge Gobet nrocos.
Gombang nyawang Gobet suwe
banget. Ana rasa sing padha ing antarane kalorone: rasa sing dibuwang dening
jagad, sing urip tanpa kulawarga.
"Bener kowe arep melu aku? Iki dalan
sing peteng, ora ana jaminan urip dawa," pitakone Gombang, suwarane krasa
adhem.
"Uripku wis peteng wiwit
cilik, dadi ora wedi karo peteng," wangsulane Gobet mantep. mripate ora
kedhep, nuduhake rasa nekat sing wis ora bisa ditawa maneh. Ndesane Gobet wis
dibakar dening para kecu, wong tuwane wis ora ana, lan mung rasa dhendham sing
keri ing atine.
Sidane Gobet melu mulih menyang
omahe Gombang ing satengahe pategalan lan kepara rada adoh karo pomahan liyane.
Omah iku mung wujud gubuk kayu gedhe sing dikubengi wit-witan gedhe lan
grumbulan eri. Ora ana obor sing dipasang ing njaba, marakake panggonan iku
katon kaya gubuk mati.
Saben dina ing pategalan iku,
Gobet ora diajari babagan tetanen, nanging diajari olah kanuragan. Gombang
ngerti yen Gobet nduweni geni ing njero dhadhane, nanging yen geni iku ora
ditata, malah bisa ngobong awake dhewe.
"Olah kanuragan iki kanggo
jaga-jaga. Awit, awake dhewe iki urip ing dalan peteng," ujare Gombang
nalika nggladhi Gobet ing tengah wengi.
Gobet sing mbiyen mung bocah
ndesa biyasa, alon-alon owah dadi pemudha sing tangkas lan cekatan Nanging
sanajan dalan sing dilakoni peteng lan kebak ancaman, Gobet nemokake pituduh
anyar ing uripe: ora ana gunane males dhendham, nanging kepriye amrih bisa
urip, syokur bisa urip normal ora gluprut ing donyaning pepeteng.
0 Response to "GOMBANG LAN GOBET #KursiIreng #13"
Post a Comment