GOMBANG LAN GOBET NYAMBANGI JURAGAN CENGKEH #KursiIreng #17
GOMBANG LAN GOBET NYAMBANGI JURAGAN CENGKEH #KursiIreng #17By Parpal Poerwanto
Taman Tembang Sastra (Wonogiri) Wengi sajak katon ngancani, swasana sepi lan adhem njekut nganti swara ngerike gangsir wae ora keprungu. Rembulane sing maune sumunar saiki ketutupan mendhung kandel, gawe kahanan sangsaya peteng lan nyamut-nyamut.
Gombang mlangkah kanthi entheng,
sajak tanpa beban, kaya-kaya ora bakal ana kedadeyan gedhe. Mlakune alus lan
tenang, ora ngetokake swara sethithik-thithika, barat kaya lakune angin nalusup
ing sela-selaning wit-witan.
Beda banget karo Gobet. Bocah
kuwi jumangkah mlebu ing pekarangan omah gedhe kagungane Juragan Cengkeh kanthi
ati sing dheg-dhegan tanpa leren. Kringet adhem mili nrocos ing githoke, gawe
gulu rasane kaku lan gemeter. Pekarangan kuwi dijaga tembok bata sing dhuwur
lan kukuh, ketok mokal yen bisa diunggahi manungsa biasa. Nanging, kanthi
modhal nekat lan kekarepan sing wis kadhung mbalung sungsum, Gobet kasil menek lan
nglewati pager pepalang kuwi.
Nalika Gobet kasil mlebu
pekarangan karo napas sing ngos-ngosan, dheweke kaget dadi siji. Tanpa swara,
tanpa kresek-kreseke godhong garing, ngerti-ngerti Gombang wis ngadeg ing
sandhinge.
"Kowe... piye carane,
Kang?" bisike Gobet meh ora keprungu, mripate mentheleng ora percaya.
Gombang mung mesem tipis ing
sajroning peteng, tangane nepuk pundhake Gobet alon kanggo nenangake. Ora ana
katerangan sing metu saka lambene. Kedadeyan aneh kuwi gawe rasa eram lan
kurmate Gobet sangsaya gedhe marang Gombang. Tumrap Gobet, kakang angkate kuwi
dudu mung tinulad ing babagan kendel, nanging uga nduweni misteri lan kasekten
sing angel dinalar dening akal sehat.
Saka wewayangan wit cengkeh sing
rungkut, wong loro kuwi miwiti langkah sing luwih mbebayani, nembus petenge
omah juragan sing kebak wadi.
Kahanan sepi banget. Mung swara
jangkrik lan angin wengi sing dadi seksi. Kanthi ati-ati, Gobet nyongkel
jendela gudhang cengkeh. Ora butuh wektu suwe, lawange cendhela kuwi mbukak.
Ing njero, aroma cengkeh sing tajem langsung sumebar, nggugah rasa serakah lan
rasa wedi sing campur adhuk dadi siji.
"Cepet, Bet! Angkaten
karung iki!" bisike Gombang karo njupuk karung cengkeh sing ana ing
pojokan.
Nanging, sadurunge kabeh rencana
lumaku rampung, lampune gudhang dumadakan urip padhang. Swara sikil lan swara
banter saka arah mburi keprungu.
"Woi! Maling! Ana ma….!" penjaga omah mbengok seru. Nanging, nalikane
pambengoke durung rampung, ngerti-ngerti pawongan kuwi wis tiba nyungsep.
Ananging, kahanan dadi malih
rusuh. Juragan Cengkeh lan keluwargane padha melu bengok-bengok. Tiwas
kebeneran kanggone Gombang. Juragan mau kasil dipithing banjur dikeluh kon
nduduhake anggone nyimpen dhuwit lan priyasan. Sawise antuk dhuwit lan priyasan,
Gombang banjur yaut karung goni cacah loro, lan dipundhak kiwa-tengen.
Ora wurung para tangga banjur
padha teka. Gombang lan Gobet mlayu sipat kuping karo nggawa karung cengkeh
sing abot ing pundhake. Nanging wong-wong sing nguber luwih cepet lan pinter
maca dalan uwal. Ing pojok gang ciut pinggir alas, wong loro iku kepepet.
Gobet dikruyuk, sikile katarik
nganti tiba ing lemah. Karung cengkeh sing digawa uga tiba ing lemah. Gombang
sing ana ing ngarep mandheg, mbalik nyawang kanca rakete sing wis dicekel lan
dipenthungi dening wong akeh.
Kanthi petung sing pas, Gombang nyerang wong-wong sing nyekel Gobet. Erame, sung saklebatan wae wong-wong mau wis ambruk kabeh. Bab iki ora mung gawe gumune Gobet, najan Gombang dhewe ya rumangsa eram marang kabisan lan kasektene. Gombang lan Gobet slamet bali tekan gubuge, sing jarake watara 15 kilometer.Wengi iku, ing gubug kuwi kajaba ana dhuwit lan prihasan, uga ana cengkeh telung karung goni gedhe. Siji sing nggawa Gobet, dene Gombang dhewe kasil mundhak karung rong goni gedhe, kiwa-tengen. Sepisan meneh Gobet digawe eram karo karosane Gombang. Semono uga Gombang ya eram, kamangka saben sakarung goni gedhe kuwi bobote watara 100 kilogram.
Saka asile anggone ngrampok iki, Gombang lan Gobet bisa nyukupi kebutuhane saben dina. Carane mung didol saperlune mbaka sithik menyang pasar ing kecamatan liya. Kanthi mangkono, dhuwit asil ngrampok ing pom bensin saiki ora kelong malah kepara ketambahan dhuwit dan priyasane juragan cengkeh.
0 Response to "GOMBANG LAN GOBET NYAMBANGI JURAGAN CENGKEH #KursiIreng #17"
Post a Comment