-->

GOBET KETANGKEP #KursiIreng #18

 

GOBET KETANGKEP #KursiIreng #18
By Parpal Poerwanto

Taman Tembang Sastra (Wonogiri) Angin wengi nggawa ganda lembab saka pinggiran kali. Ing sangisore mega-mega kandel sing nutupi lintang, ana sesawangan loro wong lanang lumaku sesidheman nyedhak marang sawijining bangunan sing ngadeg ing tengahe tegalan. Gedhong kasebut wujud omah tuwa arsitektur kolonial sing wis suwe ora dirumat. Ing sakiwa-tengeneme mung kaprungu swarane jangkrik lan suket sing gesekan karo angin.

Wong loro mau yaiku Gombang lan Gobet. Tujuane cetha: nyatroni omah kasebut sing wis suwe dadi target operasi.

"Kang, apa bener omah iki isih akeh sarang walete?" pitakonane Gobet kanthi swara lirih, meh tanpa suwara, karo semu was-was. Awit, antarane dheweke karo Gombang durung ngerti langsung njerone omah gedhong kuwi.

"Bener, Bet! Delengen omah kuwi. Senajan katon angker nanging ing jerone nyimpen rejeki 'putih' sing regane larang, yaiku sarang walet," wangsulane Gombang kanthi yakin, mripate sumunar ana ing petengan.

Omah kasebut pancen misuwur minangka sarang manuk walet sing ngasilake komoditas larang. Nalika lawang mburi dibukak ganda khas sarang walet langsung nembus irung. Ing satengah-tengahing omah gedhong tuwa mau, ana sawijining sumur utawa luweng sing jero kang tembus karo ilining banyu kali cilik sing mili ngliwati terowongan sangisore lemah gedhong kasebut.

"Tugasmu saiki mlebu omah gedhong kuwi banjur ngundhuh susuhe walet, Bet. Siji-sijine dalan sing aman mung ngliwati kalen cilik ing sangisore omah gedhong iki," ujare Gombang prentah marang adhi angkate.

“Hah!? Apa bener kalen iki mili tekan sumur ing satengahe omah gedhong kuwi?” pitakone Gobet sajak ora precaya.

“Bener, percayaa marang aku,” wangsulane Gombang karo mbisiki Gobet.

Gobet manthuk, senajan atine rada sumelang. Kanthi niat pasrah sumarah, dheweke mlaku mbungkuk-bungkuk mlebu liwat terowongan banyu sing dawane watara 50 meter kuwi. Tenan, sawise ngliwati trowongan peteng, banjur katon ana sunar lamat-lamat. Ya iku sing diarani sumur dening Gombang. Ing papan kono Gobet bisa nyawang mandhuwur. Katon ana andha pring ing sadawange tembok sumur. Kajaba kuwi, ing tembok sumur kuwi pating crenthel susuh walet siyap dipanen. Ora ana ibere manuk wallet awit pancen dinane isih wengi, watara jam loronan.

Gobet ngenteni wektu sauntara supaya Gombang wis tekan muarane kalen ing sakulone tegalan. Jarake watara 200 meter saka kono.

Gobet wiwit nyekel lan ngundhuh susuh-susuh walet mau siji saka siji banjur dikentirake lumantar ilining banyu ing kalen ing sangisore omah.

Ing sisih ngisor kali, Gombang wis siyaga njaga karo mbentangake jaring. Sarang-sarang walet padha keli ngetutake ilining banyu lan ditadhahi dening Gombang kanthi lancar. Ora krasa, wektu lumaku lan tumpukan sarang walet ing njero karunge Gombang wis nganti pirang-pirang karung.  

Gombang ngusungi karung-karung isi sarang walet mau menyang papan sing aman, sing wis disediyakne ing wektu sadurunge.


Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "GOBET KETANGKEP #KursiIreng #18"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel