-->

GURIT UNTUK SANG WALIKOTA

 

GURIT UNTUK SANG WALIKOTA

Taman Tembang dan Sastra – Budaya – Warga Kecamatan Jebres berkesempatan menggelar acara Sanja Warga di pendapa kantor kecamatan dan dihadiri berbagai unsur masyarakat (Senin, 15/2).

Kegiatan itu terasa special karena menjadi ajang perpisahan bagi Walikota Surakarta, FX Hadi Rudyatmo dan Wakil Walikota Surakarta, Achmad Purnomo. Pada kesempatan itu Pak Rudy menyampaikan salam perpisahan dan ucapan terima kasih atas dukungan masyarakat Kecamatan Jebres terhadap kepemimpinannya membangun Kota Surakarta.

Untaian kata perpisahan yang disampaikan lurah se Kecamatan Jebres dan Sulistiarini, Camat Jebres dalam bentuk geguritan membuat Pak Rudy berkaca-kaca saat menikmati dan memahami bait demi bait geguritan.

Geguritan itu nuju prana sesuai momentum disamping ungkapan perpisahan juga ucapan ulang tahun untuk Pak Rudy yang berulang tahun dua hari sebelumnya (13/2).

Adapun gurit tersebut adalah sebagai berikut.

SAPUNGKURE SANG SATRIYA TAMA
Dening: Sulistiarini (Camat Jebres)


Ibu bumi bapa angkasa
ingkang hanggrenggani Bumi Surakarta:

Amit pasang kaliman tabik tinebihna ing tulak sarik sinabetna ing iladuni dhumawahna ing tawang towang
.......................................

Gurit ginubah / mecaki tlatah gumbregah / mapag wayah

Katiti mangsa ndungkap wasana
Bapa FX Hadi Rudyatmo
saha Bapa Ahmad Purnomo

Kawiwitan 17 Pebruari 2016 ngasta pusaraning adil bebarengan ambal warsa kaping 271 Kutha Surakarta

Entek golek / kurang amek anggonku bakal miwiti panyandra

Sing baku:
dudu panyandra /
kang bisa nlasak mega ing angkasa nanging
kanggo nyathet / sepira dhuwure tekad kekarone ngulukake Kutha Sala
dadi kuncara
kasusra ing nuswantara.
 

Miwiti jajah desa / milang kori Sanja warga / mrepeki wewengkon mbundheli pawarta:

Pasar Kliwon / ngrakit lelakon / dimen katon maton
Serengan; nadyan katingal sereng lan agal / nanging alus bebudene

Laweyan; naleni janji kang yekti;
Soroh jiwa raga / netepi darmane satriya tama
Banjarsari; mbabar kembang-kembang / kang kebak ing prestasi

Jebres; bares kures / jujur apa anane:
laire padha karo batine

Nora direh hawa angkara nanging,
malah bisa nguwasani lan naleni perbawa hawa nepsu
: nora beda kaya werdine / kampuh dodot bang bintulu


Prasapa wigati / tinatah sajroning janji suci:
Waras Wareg Wasis
Papan lan Mapan

mahanani kawula dadi sentosa kabeh warga wus micara
jantraning panjangka / kudu mukti wibawa adil makmur / wis dadi impen rikala merdika

Kadya sagebyaran thathit rikala Bumi Surakarta nemu perangane sesotya sakembaran kang hambeg parama-arta

: datan wigih ing lara
wani mati jroning ngaurip
 

Tetep Mantep Madhep Sregep Ajeg Jejeg

Kadya oyod kang ngregem pertiwi kadya tuwuhan kang ngrembaka gung sapinggire Bengawan Sala
: Netepi janji
ngrenggani prasapa suci
sumuyud mring karaharjaning kawula

Dhuh, Sang Satriya tama
bektimu katulis mangsi wangi / kaprada emas

Pra warga / amung kuwawa
nelungake / kembang-kembang pangelembana amung saguh ngulukake / puja pandonga; mugya Kang Maha Nasa
asung leliru satraju
mring bektimu / kanggo Kutha Surakarta

: Mugya bektimu nunggak semi ing perangane titi wanci


Jebres, 10 Pebruari 2021:
•    Matur nuwun dhumateng Bapa FX Hadi Rudyatmo dalah Bapa Ahmad Purnomo ingkang sampun ngreksa kawula; Jejeg tinggeng ngasta Walikota dalah Wakil Walikota Kitha Surakarta kawiwitan tanggal 17 Pebruari 2016 ngantos Pebruari 2021;
•    Wilujeng ambal warsa, Pak Rudy..... 13 Pebruari 1960-2021, Dirgayuswa: mugi tansah winantu ing kasarasan dalah karahayon;
•    Wilujeng ambal warsa Kitha Surakarta ingkang kaping 276; 17 Pebruari 1745 (rikala boyong kedhaton saking Kartasura tumuju Surakarta) ngantos 17 Pebruari 2021.

Nuwun, matur nuwun (Kun Prastowo)

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "GURIT UNTUK SANG WALIKOTA"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel