-->

GEGURITAN TIPAK-TIPAK TATU

GEGURITAN TIPAK-TIPAK TATU
GEGURITAN TIPAK-TIPAK TATU

TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, selamat bertemu kembali dengan dunia geguritan atau puisi berbahasa Jawa. Geguritan kali ini berjudul Tipak-Tipak Tatu karya Parpal Poerwanto.

Geguritan ini pernah dimuat di majalah Pustaka Candra Volume 24 No. 09 Desember 2005. Selengkapnya adalah sebagai berikut!

TIPAK-TIPAK TATU
Dening: Parpal Poerwanto

I

Sendyakala kang mernata dina
Jroning lengkehing tilamsari
lan pasir pesisir
ngrengkuh isining segara
Losinan lawa kalong nantang angawang
Jroning jangkar keponting
Dening obahing gegodhongan

Tipak-tipak tatu
Ninggal tilas sadalan-dalan
Lir angin gurun keplantrang ing laut
: Samun!

Kadhang kala dheweke daksapa
Kanthi esem kapeksa
Marga ukara ora kudu kinucap
Lan lambe panggah mingkep bae

II

Najan ta
Ukara wis kelangan swara
Sabab ombak luwih nyata
Nalika gorehe ati
Mbentur watu karang

Tipak-tipak tatu
Jroning rasa mangu-mangu
Kaya ri kemarung
Lan greng bebondhotan
Ngrajam tatu arang kranjang

III

Tatu iki isih sing biyen
Bisa rasa kangen
Marang sing ora genah

Antarane dhetik lan wektu
Tumpang suh tan maelu

Kapan baya mari
Yen mala tansaya ndadi?

IV

Mangkono tatu
Mranjab sapa bae
Ibarat sawilah candrasa
Landhep kaya ilat baya
Ngrajam
Nglebur
Njerit
Nggiles
lan
: Perih

V

Ya, pancen iki tatu
Najan kaya ngapa
tatuku tatumu uga
kang ngrepih marang rasa mangu
jroning ambeng kekangenan
Nalika gegodhongan ninggalake pang-pange
Nuwuhake tatu
lan ngoreng
banjur
kebanting

VI

Tatu
jroning jiwa

Tatu
mbabar nelangsa

Tatu
Nggiring aku jroning rasa suwung
: Brung

Wonogiri, 2004
Pustaka Candra Volume 24 No.09 Desember 2005



Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "GEGURITAN TIPAK-TIPAK TATU"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel