GEGURITAN NYIBAK LABIRIN NUANSA SEPI
Sunday, 24 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN NYIBAK LABIRIN NUANSA SEPI |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, selamat berjumpa lagi dengan kami. Kali ini akan disajikan geguritan atau puisi berbahasa Jawa dengan judul Nyibak Labirin Nuansa Sepi karya Parpal Poerwanto.
Geguritan Nyibak Labirin Nuansa Sepi ini pernah dimuat dalam majalah Pustaka Candra Volume 24 Nomor 09 Desember 2005. Untuk selengkapnya simak berikut ini!
NYIBAK LABIRIN NUANSA SEPI
Dening: Parpal Poerwanto
Nipaki rodha kawuri kang purba
Nyibak labirin nuansa sepi
Uga maewu rasa mangu
Marang tipak-tipak nyata
Nalusur sepira jeroning
Agung taman firdaus
Kanthi polos nanging rongeh
Jroning donga
Jroning dhadha
Yaiku kaabadhian
Wektu lan iramane
bareng lan rodhane kreta
Kusir lan kuda nyawiji
Jroning tipak kang tansaya nglari
Bali marang dhiri
Jroning rembetane wektu kang gawe nyenyep
Banget anteb
Uga maewu pitakonan
Kanthi irama lan tangis
Mangundha donga
Jroning kalam surgawi
Kaya dene donga-donga ngumbara
lan bali ora ana
Kretaku manjilma layar kumibar
mayuta donga purba jroning palung samodra
Bali daklafasake, maneh!
Kongsi rodha-rodhaku mlayu
Nuju kursi-Mu
Studio Hara: 100703
Pustaka Candra Volume 24 Nomer 09 Desember 2005

0 Response to "GEGURITAN NYIBAK LABIRIN NUANSA SEPI"
Post a Comment