GEGURITAN SARAPAN
Monday, 4 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN SARAPAN |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Geguritan dengan judul Sarapan ini sebenarnya merupakan alih bahasa dari puisi berjudul Sarapan Pagi yang termuat dalam antologi puisi Belajarlah Dari karya Parpal Poerwanto. Geguritan Sarapan ini menyoroti tentang keadaan negeri yang carut marut, kondisi politik yang amburadul, dan berbagai kejadian alam menyebabkan kesengsaraan rakyat. Lebih lengkapnya simak berikut ini!
SARAPAN
Dening: Parpal Poerwanto
Sarapan esuk kanthi dongeng dongeng
Reregan lombok munggah parlemen lan lara nestapane
Rakyat aceh gawe miris lan udan tangis, iklan properti
Sajak ngiwi-iwi isi kanthong kang thekil, lan manise esem prawan
Mamerake tugas rutin saben sasi jroning agendha agendha politik
Tsunami, lindhu gedhe lan banjir bandhang
Nembangake lelagon kerem jroning segara. Gurita njelma teka teki silang
Bosok jroning pikiran lan wengine ati
Sarapan esuk kanthi tumpukan tumpukan kertas mampet ing uteg
Pilkada luwih wigati tinimbang gedhung gedhung SD kang ambleg
Wakil wakil rakyat kang keseret ing pengadilan tambah gawe leletheg
Gun, tulung jupukna gunting lan lim kanggo ngukur sudut sudut
Dimensi globalisasi para balita mandengi aurate wong tuwa!
Cepet Gun! Nembanga uga dimen malaku mari jroning lara
Wonogiri, 2005

0 Response to "GEGURITAN SARAPAN"
Post a Comment