GEGURITAN NALIKA WENGI ANGUK ANGUK
Sunday, 3 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN NALIKA WENGI ANGUK ANGUK |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Geguritan berjudul Nalika Wengi Anguk Anguk ini merupakan karya Parpal Poerwanto. terjemahan dari puisi berjudul Bila Malam Mengetuk dari antologi puisi Belajarlah Dari dan pernah dimuat pada koran Pos Kita, 2 April 2000. Selengkapnya sila simak berikut ini.
NALIKA WENGI ANGUK ANGUK
Dening: Parpal Poerwanto
Nalika wengi anguk-anguk esuk
Ora ana pretandha mangsa mbranyakake
Winih-winih tresna, luh-luh dleweran
Lan lebu-lebu nempel ing sepatu
Lawas setya ing dlamakane sikil
Mecaki sisaning tresna kang kabuwang
Ing satengahing panggung panguripan, antarane gedhung-gedhung
Lan parabola nuding langit
Nalika srengenge ngatonake sunare
Ora kuwawa aku mbageke esuk
Marang jiwa-jiwa remuk, embun-embun netes
Ilang dening ketiga dawa, nalusur
Sepira adohe layar lumayah
Nyabrang samodra lelamisan jroning gegemane
Tutur manis lambe lamis
Nalika wengi anguk-anguk lawang
Kabeh ruwang tinutup, marang wewayangan
Kang timbul saka mburi layar nyuguhake tresna
Lamis jroning melodrama tivi lan swarane jam tembok
Ngantem ngremuk dhadha, lemut-lemut mbaung
Mecahke gendhangan kuping ngurngu tangis
Sesambate manuk marang kekasihe kang ilang
Wonogiri, 2006
Kapacak ing Damarjati 09 Taun Ka-1 2005

0 Response to "GEGURITAN NALIKA WENGI ANGUK ANGUK"
Post a Comment