GEGURITAN OLEH-OLEH SAKA JAKARTA
Monday, 25 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN OLEH-OLEH SAKA JAKARTA |
Geguritan ini pernah dimuat di majalah Pustaka Candra (edisinya tidak terdokumentasi). Selengkapnya adalah sebagai berikut!
OLEH-OLEH SAKA JAKARTA
-50 taun RI mardika
Dening: Parpal Poerwanto
+ Mbok aku mulih, Mbok
Nggawa crita, critane kutha Jakarta
Monas Mbok. Monas!
- Monas iku pa ta, ngger
+ Monas mono tugu dhuwur apepucuk emas
Jakarta pancen sugih duweke pra kawula
Monas adus kembang api, padhange kelangkung
Yutan petromak. Swarane gumleger, muncratake cahya
Maewu-ewu rupa. Moncar!
Kawula Mbok, iku pestane kawula
Jakarta pancen sugih, duweke kawula
Iki delengen gambare!
- Apa iki ta, ngger?
+ Dudu Mbok, dudu
Kuwi kompor tukang bakso njeblug nylametake
Dagangane marga tansah diuber-uber kamtib
- Sing iki?
+ Dudu Mbok, dudu
Kuwi gambar omah diobong
- Diobong? Sapa sing ngobong?
+ Embuh Mbok ora weruh
- Kok ana sing nggawa penthung?
+ Padudon, kuwi regejegan
Bengkerengan antarane kawula lan panguwasa
Kawula kudu sumingkir marga warisan leluhur
Wis dudu duweke maneh
- Lho, duweke sapa?
+ Duweke kawula Mbok, duweke kawula
Kawula sing keblereng gambar cengkeh lan lutung
..................................................Simbok njegreg, aku unjal ambegan
.................................................
- Wis ta ngger pekaken critamu
Endi oleh-olehmu saka Jakarta
Adhimu Gatot SPP-ne nunggak telung sasi
Slametan lebaran bae ora nyekel dhuwit sakethipa
Aja mung crita ngayawara!
: tan kocap, kajaba eluh kang setya ngancani raga
Bogor, 960207
Pustaka Candra

0 Response to "GEGURITAN OLEH-OLEH SAKA JAKARTA"
Post a Comment