-->

GEGURITAN ARI RAYA

GEGURITAN ARI RAYA
GEGURITAN ARI RAYA
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, salam sastra, rekat santun ukhuwah. Pada kesempatan kali ini akan disajikan salah satu geguritan atau puisi berbahasa Jawa karya Parpal Poerwanto yang berjudul Ari Raya.

Geguritan ini pernah dimuat di malajah Pustaka Candra (edisi kapan tidak terdokumentasi). Selengkapnya adalah sebagai berikut.

ARI RAYA

Dening: Parpal Poerwanto

Ari raya iki biyung
Aku anakmu lanang mung bisa
Pasrah sumarah pasrah raga
Manawa peperangan ing kurusetra
Ninggalke lungse lan getih suci barata
Umbul-umbul kaarak dening mirise ati
eluhe biyung
Gumuyur ing satelenge ati
Suryaputra kang kelangan lacak ananging
Dudu paugeran, marga kecolongan budi
Kebecikane liyan, lan trah satriya
Sumungkem sujud ana panjenengane biyung

Ari raya iki biyung
Sawulan suwene aku meper hardaning nafsu sawise adus
Getih lan tangis 
Maewu-ewu panah mranjab ing jaja
Sirna dening ngurangi boga lan andrawina
Ananging tan sampurna manawa durung
Ambasuh kanthi luh suku paduka
Pramila lumunturna gunging samodra pangaksama
Marang lakuku setindak lan rembugku seklimah
Tan agawe sarjune manah
Lebur ing ari raya iki

Gambir, 960208
Pustaka Candra

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "GEGURITAN ARI RAYA"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel