GEGURITAN BREGOWONG LAN ELEGI
Sunday, 17 December 2017
Add Comment
![]() |
| GEGURITAN BREGOWONG LAN ELEGI |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Geruritan atau puisi berbahasa Jawa berjudul Bregowong dan Elegi karya Parpal Poerwanto ini pernah dimuat di Jaya Baya No.37 tanggal 13 Mei 2001 dan Poskita Minggu Kliwon tanggal 16 September 2001. Bagaimana dan seperti apa geguritan tersebut, selengkapnya sila simak berikut ini!
BREGOWONG
Dening: Parpal Poerwanto
semu kaget lan wedi
wengi mbukak kori
marang gorehe manuk dares
payungan rembulan kodanan
ora kuwawa angin
ngobahake gegodhongan
bisoa dadi sarana
tamba wengi kang nyiksa
malah daya atis
tansah gawe giris
bregowong
wengine bregowong
Studi Hara, awal 2001
Jaya Baya No. 37. 13 Mei 2001
ELEGI
Dening: Parpal Poerwanto
sunare lintang kawetu
saka tetembanganmu
sejatine mung tatu-tatu
kang dironce jaman semana
nalika dolanan ombaking samodra
utawa mosike angin ing ara-ara
mung angkuhe netramu
gawe kekesing atiku
Studio Hara, awal 2001
Poskita Minggu Kliwon, 16 September 2001

0 Response to "GEGURITAN BREGOWONG LAN ELEGI"
Post a Comment