-->

KURSI IRENG (NOVEL BASA JAWA) #1

 


KURSI IRENG (NOVEL BASA JAWA) #1
Dening: Parpal Poerwanto

Gombang ndekep wetenge. Raine katon bekah-bekuh sajak ngampet rasa luwe. Wis telung dina iki wetenge durung kelebon upa. Wingi sore pancene wis kelebon tela mentah anggone ndhokeri ing tegale Wa Kasan. Saiki dheweke ora wani mrana maneh, awit mesthi wae Wa Kasan muring-muring marga tandurane kang durung wayahe dipanen rusak bosah-baseh marga didhukiri.

Arep bali mulih ora wani. Isih kelingan bapake nggawa pecut ngusir dheweke. Gombang ora nyalahke bapake. Awit kabeh mau pancen dheweke sing salah. Wis luwih saka etungan sepuluh dheweke konangan nyolong dhuwite kancane ing sekolahan. Marga saka iku uga dheweke kongsi nunggak sekolahe kaping telu. Kamangka yen ora nunggak, kudune dheweke iku wis lulus SMP taun iki.

Gombang isih ungkep-ungkep ing gubug pinggir alas. Arep metu menyang padesan wis rumangsa isin marang tangga teparo. Wiwit wektu kuwi niate gembleng. Ora arep bali mulih menyang desane yen ora bisa urip mapan lan kajen ing desane.

Angin ketiga isih dawa. Katon bulan tanggal telulas bunder sanduwure gunung Lawu. Gombang kethap-kethip nyawang lintang. Dumadakan panyawange tumuju menyang kali Walikan. Kali kang ngerang ing mongsa ketiga iku katon ana klebate pawongan. Tenan, bareng disetitekne, ana sawijining kaki-kaki lumaku nyedhaki watu banjur  lungguh sila. Kaki-kaki tuwa mau agahan nyumet padupan sinambi komat-kamit maca mantra. Sawatara wektu banjur katon padhang kaya dene ana petromake kang muncul saka watu gedhe sangarepe. Gombang ngucek-ucek mripate. Dheweke kaya-kaya ora precaya marang sing diprangguli wengi kuwi. Najan wedi, alon-alon dheweke nyedhaki kaki-kaki mau. Gombang mesthekake lamun sing ana ngarepe kuwi manungsa temenan dudu bangsane lelembut.

Saka watu gedhe mau banjur muncul keris lan pusaka liyane kang jumlahe pirang-pirang. Gombang eram banget. Kok ya bisa saka watu muncul barang arupa gegaman. Kaki-kaki tuwa mau banjur mbutel gegaman mau kanthi mori putih. Sawise tumata brukut, buntelan dibopong tangan loro banjur lunga saka papan kono. Gombang ngetut lakune kaki-kaki mau saka jarak sawetara. Jroning batin Gombang wis duwe tekad ora wedi mati. Upama sing ditut mau bangsane lelembut kang bakal gawe cilakane dheweke ya ora arep keduwung. Kabeh dipasrake marang lelakon kang bakal dumadi. Gembleng tekad manungsa pancen terkadhang ora bisa dipepalang dening apa wae. Semono uga tumrap Gombang. Awit dheweke wis rumangsa dadi manungsa sing ora guna, utamane ing keluwargane. Wis ping bola-bali dheweke diusir dening bapak simboke, apadene sedulur-sedulure. Dheweke dianggep uwuh sing gawe rereged lan gawe jijik marang sapa wae.

“Aku trima kelangan ndhog siji tininbang duwe anak kaya kowe, minggat saka ngomah kene!” ngono undhamanane bapake marang dheweke. Ora wurung Gombang klakon lunga tenan. Ananging yen dinalar apa kabeh mau saka salahe dhewe? Wiwit cilik dheweke ora kenal agama. Bapak simboke ya ora nindake ibadah sanajan ing KTP-ne agamane katulis Islam. Malah, bapake saben dinane adol daging asu. Kamangka miturut agama Islam, daging asu mau mujudage daging karam sing ora kena dipangan dening muslim.

Yen dheweke wani tumindak nyolong ing sekolahan iku ya dudu salahe dhewe. Sasuwene iki dheweke ora tau diwenehi sangu dening bapak simboke. Kamangka kanca-kancane racake padha sangu. Yen wayah ngaso, dheweke mung trima nonton yen kancane jajan panganan ing kantin sekolah. Jenenge bocah, sapa sing ora kepingin jajan? Kamangka dheweke ora duwe dhuwit. Mula, ora ana cara liya kajaba nyolong dhuwite kancane. Sabenere anggone tumindak nyolong wis suwe tur ya wis ora kepetung maneh. Gombang wis kerep diskores awit saka tumindake mau. Malah seminggu kepungkur bapake ya diundang menyang sekolahan awit saka tumindake Gombang iku.

“Kowe ngapa kok mbukaki tasku, Mbang?” pitakone Wuri ngagetake Gombang. Tangane sing nyekethem dhuwit banjur dibleseke sak kathok.

            “Dhuwitku dicolong Gombang! Dhuwitku dicolong Gombang!” pambengoke Wuri kang gawe kawigatene kanca-kancane. Bocah-bocah sing padha ngaso ana plataran banjur mlebu kelas meneh. Kasusul Bu Yuni sing uga mireng pambengoke Wuri mau.

 “Ana apa, Wur?” pitakone Bu Yuni.

 “Gombang mendhet arta kula, Bu.”

“Bener apa sing diomongake Wuri kuwi, Mbang?” pandangune Bu Yuni nlesih. Ananging Gombang ora wani wangsulan apa-apa.

“Yen ora kleru wis kaping sepuluh iki kowe konangan nyolong dhuwite kanca-kancamu. Kok kowe ora kapok-kapok, ta Mbang? Ayo, kowe ngaku ora!”

Ora wurung Gombang ngakoni kabeh apa sing ditindakake, yaiku nyolong dhuwite Wuri.

Marga Gombang wis dielikake bola-bali ora mari anggone colong jupuk, sidane pehak sekolah ngetokake Gombang.

Pikire Gombang wis kepleng. Dheweke ora bakal mulih menyang omahe lamun durung bisa urip mukti. Dheweke bakal nuduhake marang sapa wae lamun bocah ditoke saka sekolahan dan uga ditundhung minggat dening wong tuwane pisan bisa urip mulya ing tembe mburine. Najan kanthi urip jroning dalan peteng bakal dilakoni sing baku dheweke ora dingo dolanan dening sapa wae.

Gombang isih ngetutake kaki-kaki tuwa mau. Lakune nurut dalan rumpil sapinggire alas lan tegalan. Ing sawijining gubug tuwa kaki-kaki mau tumuju. Sawise mbukak lawang kaki-kaki tuwa agahan mlebu gubuge. Mapane gubug mau kepara ana nglemah sing rada dhuwur. Dene platarane rada jembar. Cakrike gubug beda karo gubug-gubug liyane. Wujude kaya omah joglo nagging mung cilik. Gombang age-age nyedhak. Liwat gedhege gubug sing wis pating cromplong, Gombang bisa ngawasake apa sing ditindake dening kaki-kaki tuwa mau.



Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "KURSI IRENG (NOVEL BASA JAWA) #1"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel