-->

KURSI IRENG #7 Novel Basa Jawa Modern


KURSI IRENG #7 Novel Basa Jawa Modern

By Parpal Poerwanto

Taman Tembang Sastra (Wonogiri). Nalika kuwi wanita mau kasil ngrebut pedhange salah sijining brandhal kang sajak lena. Pedhang mau enggal kasabetake ing awake brandhal sing aran Dargo. Ngerti kancane kena sabetan pedhang, Glampong ora nrimakake. Dhadhane wanita mau kacubles nganggo pedhang saengga nemahi tiwas. Dhasar brandhal ora duwe rasa kamanungsan. Layon sakloron mau banjur dilarung ana Bengawan Solo. Wong papat banjur nggoleki papan prenahe padhepokan Giringwaja kang dumunung ana tlatah Gunung Giri.

         “Mangga, mangga Kisanak, pinarak mriki,” ature Ki Giringwaja marang tamune.

        “Inggih Bapa,” jawabe Gita Pithing banjur takon meneh, “Napa leres papan mriki niki ingkang kaaranan Padhepokan Giringwaja?”

          “Leres. Panjenengan sedaya niki saking pundi? Wonten parigawe napa keraya-raya dhateng mriki?”

           “Inggih sadereningipun nyuwun pangapunten bilih anggen kula sakanca dumugi ing papan mriki mboten ndadosake sarjuning manah. Kula ingkang ngarani inggih Gita Pithing. Dene niki sedherek-sedherek kula. Ingkang niku Glampong. Sisihipun Nyoto tuwin Nyono.”

         “Wah, sajake mboten wonten ingkang ndadosaken kuciwa,” jawabe Ki Giringwaja. “Inggih ndadosaken kawuningan bilih kula menika dhapur ingkang kawastanan Ki Giringwaja.”

           “O, kula ngaturaken bekti, Ki,” ature Gita Pithing karo ngaturake kurmat kang diiloni dening Glampong, Nyoto, lan Nyono. Gita Pithing banjur matur maneh, “Nuwun sewu Ki Giringwaja, anggen kula sakadang karaya-raya sowan mriki niki manawi kepareng badhe sinau wonten ing padhepokan mriki.”

          “Napa mboten salah Kisanak Gita Pithing. Awit miturut simbok bakul sinambi wara, ingkang kondhang kaliyan nama Gita Pithing punika tutungguling brandhal ingkang mapan ing Alas Tutupan,” ujare Ki Giringwaja sareh ananging gawe cingake Gita Pithing sakanca. Ora ngira yen jeneng Gita Pithing brandhal Alas Tutupan kuwi kondhange tumeka ing tlatah Gunung Giri.

          “Inggih Bapa, kula akeni bilih kula sakadang punika tilas brandhal Alas Tutupan. Ananging ingkang nama tilas punika ateges sampun dede, ta?”

          “Bab niku kula mboten saged matur. Temtu wonten pribadhi sampeyan sami.”

          “Inggih nuwun sewu, Ki,” Glampong nyelani atur. “Manawi kula pareng badhe matur.”

          “Mangga Kisanak.”

         “Yektosipun kula sakadang niki nembe kemawon kejodheran. Awit kula katekan satunggiling lare nem ingkang nama Truna. Wekdal semanten, kula sakanca yektosipun badhe ngrampok tiyang punika. E, malah kula sakanca dipun ajar entek-entekan.”

        “Truna niku siswa mriki. Manawi sampeyan sadaya sami memungsuhan kaliyan Truna ateges ugi mungsuhipun padhepokan mriki.”

      “Nuwun sewu, Ki,” selane Gita Pithing. “Kula sakanca prasapa bilih sampun tobat. Kula sakanca badhe pados margi ingkang leres. Pangangkah kula, mugi-mugi Ki Giringwaja kersa nampi kula sakadang supados gesang kula sakadang mboten tansah tumindak wonten margi ingkang peteng. Kula sakanca badhe nyecep ilmu kangge sangu gesang wonten ngalam donya tuwin akherat mangke.”

      Ki Giringwaja megeng napas landhung. Sanajan ing njeroning ati kandha lamun apa sing diomongake tamune mau sajak ana kang nyalawadi, ananging rasa cubria mau dikipatake.

         “Ngaten Kisanak sedaya, kula samenika sampun lengser, bab dipun tampi utawi mbotenipun anggen sampeyan sinau wonten ing papan mriki wenangipun wonten ing Ki Murda. Awit ingkang ngesuhi padhepokan mriki samenika inggih Ki Murda.”


Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "KURSI IRENG #7 Novel Basa Jawa Modern"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel