GOMBANG KASIL NGGONDHOL DHUWIT JUTAAN #KURSIIRENG #10
GOMBANG KASIL NGGONDHOL DHUWIT JUTAAN #KURSIIRENG #10
By Parpal Poerwanto
Taman Tembang Sastra (Wonogiri). Angin wengi ing Girimanik krasa adhem nganti tumus ing balung. Gombang, bocah nom-nomane nembe mlebu umur wolulas taun, lungguh ing sangarepe omah gubug. Klasa pandhan sing wis lungse, ambune menyan lan dupa tilasane Ki Truna isih krasa. Nanging, wong tuwa sing wis ngopeni lan ngajari maneka ngelmu batin kuwi wis surut ing telenging bumi. Ki Truna wis sowan marang sing Maha Kuwasa, ninggalake Gombang, tanpa warisan liyane kejaba maneka gegaman sing disimpen ing sajerone grobog.
Ing papan kono ora ana cadhangan
pangan. Kaspe ing kebon mung kari pirang uwit. Kamangka, anggone merguru marang
Ki Truna ora liya amarga pengin urip mulya, embuh piye carane, embuh piye
wujude, sing baku kudu urip Makmur.
"Ora ana pilihan liya, Mbang,"
batine Gombang marang awake dhewe, “Awakmu kudu gumregah!”
Urip ing alam donya butuh
sandhang lan pangan. Ki Truna biyen tau kandha yen urip kuwi kudu nggayuh
kaluhuran, nanging kaluhuran ora bakal teka marang wong sing mati kaliren.
Wengi iku, kanthi wewayangan rembulan sing katutup mendhung, Gombang nemtokake
tujuane sing kapisan.
Targete yaiku pom bensin ing
pinggir dalan gedhe antar-kutha sing biyasane sepi nalika jam telung wengi.
Erame, apa sing dadi
pengangen-angene Gombang dadi kasunyatan. Kayata, nalikane Gombang pengin
lakune ora dikonangi uwong. Nyatane dheweke slamet tekan pom bensin mau.
Nalikane dheweke nyedya supaya petugas pom bensin padha turu, ora let suwe para
karyawan pom bensin mau ya turu kabeh. Mboh kuwi ngelmu apa, Gombang ya ora
ngerti. Kamangka, Ki Truna durung tau ngajarake bab ngelmu kaya mangkono mau.
Operasi kapisan iku sukses tanpa
gawe geger. Ora ana pulisi sing teka, ora ana tilas sing keri. Gombang kasih
nggondhol dhuwit jutaan rupiah.
.jpg)
0 Response to "GOMBANG KASIL NGGONDHOL DHUWIT JUTAAN #KURSIIRENG #10"
Post a Comment