KETATON TATU KARYA KUN PRASTOWO
Monday, 6 January 2020
Add Comment
![]() |
| KETATON TATU KARYA KUN PRASTOWO |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA – GEGURITAN – Sahabat Taman Tembang dan Sastra berjumpa kembali dengan Taman Geguritan. Kali ini ditampilkan geguritan karya Kun Prastowo berjudul Ketaton Tatu yang termuat dalam antologi geguritan Tipak-Tipak Tatu.
Kun Prastowo lahir di Desa Slogohimo 16 Juli 1969. Menulis geguritan karena menepati permintaan orang tua yang berprofesi sebagai guru Bahasa Jawa.”Ikutlah menjaga Bahasa Jawa agar tidak musna, meskipun hanya selarik geguritan.”
Selain itu, ia juga menulis buku di antaranya adalah Samparmega, Ki Ageng Meleng, Cempurung, Tresna Suci, dan Tembang Tanah Pusaka (4seri).
KETATON TATU
Kun Prastowo
Nini....
Nadyan kanthi las-lasan lan kesampiran esem pait madu,
ukara lan tembungmu nora beda kaya welat pring gadhing,
perih lan perih
ninggal tatu ing marasku
ngiris
miris
tanpa lawaran
tanpa cecala,
nigas sakabehe impen kang dakrantam selapan ndina kepungkur ing Selaresi.
Pancen kudu dadi lakonku,
kudu dadi panandhangku,
nampa tatu.
Pucuk-pucuk cemara ngiwi-iwi, ngrerintih kepedhotan janji,
grojogan Pereng Kulon panggah takon, tekan suk kapan panjangkaku bisa kelakon?
mega-mega ing kelire langit sajak nora tega nampa panalangsa.
Gurit ini belum selesai. Berikut adalah lanjutannya.
Nini....
pedah apa aku nangisi esemmu?
pedah apa aku ngenteni janjimu?
Kabidhung laku dakgawa bareng tipak tatu,
dakgawe ngguyu nadyan nora maelu.
Tatu tetep dadi tatu,
dudu serik kang bakal ngancani rasa suwungku,
janjiku wis dakguwak kali kang mili bareng banyu bening.
: Banyu wadhang bisoa ninggal pepadhang.
(Senthong ijo, 270219;
binarung gludhug wayah sore)
Sahabat Taman Tembang dan Sastra, terima kasih atas kunjungannya. Bagi yang menginginkan Buku antologi geguritan Tipak-Tipak Tatu bisa menghubungi nomor 081393305359 dengan ganti ongkos cetak Rp50.000,- (belum termasuk ongkir) Tunggu unggahan kami selanjutnya, ya! Tengkyu.

0 Response to "KETATON TATU KARYA KUN PRASTOWO"
Post a Comment