GUNTING ING NJERO LEMPITAN KAIN KARYA RIBUT RUSTINAH
Sunday, 29 December 2019
Add Comment
![]() |
| GUNTING ING NJERO LEMPITAN KAIN KARYA RIBUT RUSTINAH |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA – GEGURITAN – Sahabat Taman Tembang dan Sastra berjumpa kembali dengan Taman Geguritan. Kali ini ditampilkan geguritan karya Ribut Rustinah berjudul GUNTING ING NJERO LEMPITAN KAIN yang termuat dalam antologi geguritan Tipak-Tipak Tatu.
Ribut Rustinah, lahir idi Wonogiri 31 Mei 1971. Hobi menulis geguritan ketika kenal dengan Bapa Parpal Poerwanto. Tanpa saya sadari ternyata menulis geguritan itu bisa digunakan sebagai pelipur lara. Karenanya, sekarang bila hati sedang galau selalu disalurkan dalam bentuk geguritan.
GUNTING ING NJERO LEMPITAN KAIN
Ribut Rustinah
Sore iku
Kairing grimis riwis-riwis
Kowe lungguh tumungkul
Ndhingkluk ing sangarepku
Mbrebes mili luh saka mripatmu
Sasar susur ukaramu
Kowe ngomong menawa keduwung rasa salah marang aku
Amarga rasa sing kudune ora tuwuh marang sisihanku
Jaremu wis kasep ngrembaka madhani gedhene ombak samudra
Kaya sinamber bledheg rasane atiku
Dene kowe sing dakanggep sedulur sinorowedi wani nggonjak bebrayanku
Lan ngrusak pager ayu
Tumetesing luh ing pipimu iku
Nambahi tatu sakjroning atiku
Paseduluran sing nalika semana ora ana cacat cewede
Dadi bubrah sanalika
Kekancan antarane aku karo kowe malih dadi hawa memusuhan sing ora ana pedhote
Gurit ini belum selesai. Berikut ini lanjutannya.
Kowe kaya gunting sing daksimpen sakjroning lempitan kain
Dakeman-eman memitran iki
Nanging kowe nyigar saka njero
Ngiris kekancan sing dakbangun linambaran rasa welas asih
Najan kaping sewu tembung pangapura sing wis kocap saka kowe
Apa iya aku bakal bisa?
Nglunturke tatu sing wis manjing ing uripku
Nganggo apa bisa dakbalekne paseduluran iki
Najan bolah emas wis kokjahitke
Ora bakal mbalekke utuhe kain sing wis kokgunting rojah rajih
Paseduluran sing ndhisik adhem ayem saiki wis malih dadi karang abang
Nggawa rasa dhendham sing makantar-kantar
Umub kaya umube samudra geni
Ora usah diupayani maneh
Ora usah kowe tumungkul mrene mlepah-mlepah njaluk pangapura menyang aku
Ora ana gunane
Malah mung nambahi semrepet ing mataku
Tatu iki ben tipis dhewe
Kakikis deneng wektu sing terus lumaku tanpa ana watese
#pojokati18032019#
Sahabat Taman Tembang dan Sastra, terima kasih atas kunjungannya. Bagi yang menginginkan Buku antologi geguritan Tipak-Tipak Tatu bisa menghubungi nomor 081393305359 dengan ganti ongkos cetak Rp50.000,- (belum termasuk ongkir) Tunggu unggahan kami selanjutnya, ya! Tengkyu.

0 Response to "GUNTING ING NJERO LEMPITAN KAIN KARYA RIBUT RUSTINAH"
Post a Comment