-->

Geguritan - Miyak Wingite Wengi

Geguritan - Miyak Wingite Wengi
Geguritan - Miyak Wingite Wengi
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra jumpa kembali dengan taman geguritan (puisi berbahasa Jawa). Taman geguritan kali ini menyajikan karya Parpal Poerwanto yang berjudul Miyak Wingite Wengi. Selengkapnya adalah sebagai berikut.

MIYAK WINGITE WENGI
Dening: Parpal Poerwanto

Nalikane rembulan panglong
Dakpiyak wingite wengi
Kang isih kemulan
Saka kekesing peteng

Sanajan neon merkuri
Kemoncar cahyane
Nanging kepara nuwuhake ati kedher
Peteng ngalimeng

Dakeja pandoming jam
Sing lumaku ing ilining getih
Dadya pengarih ngarih
Saka sakabehing penandhang perih

Lamat lamat kekidungan
Gumawang
Ati iki
Rasa iki
Dhuh Gusti, paringana teken urip iki

Pojok Gurit, 090218

Sahabat Taman Tembang dan Sastra, terima kasih atas kunjungannya. Sampai jumpa. Nuwun.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Geguritan - Miyak Wingite Wengi"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel