Geguritan - Sumendhe
Tuesday, 16 January 2018
Add Comment
![]() |
| Geguritan - Sumendhe |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, selamat berjumpa kembali. Salam sastra, rekat santun ukhuwah. Pada edisi kali ini akan disajikan sebuah geguritan (puisi berbahasa Jawa) yang berjudul Sumendhe.
Geguritan Sumendhe ini karya Parpal Poerwanto. Selengkapnya adalah sebagai berikut.
SUMENDHE
Dening: Parpal Poerwanto
Dakrunut tepising wengi kang isih nyisakake wektu
Daknut ilining banyu kang setya nuntun laku
Dakcencang ayang ayang kang tansah kumleyang
Nanging ana ngendi dununge rasa jati nyingkirke was sumelang?
Kang lair samburine ragil
memucuki para pengarep
mangumbul sandhuwuring sundhul
gumelar ngungkuli jembaring bawera
mabur tanpa suwiwi
mandeng prastawa tanpa netra
kuwasa tanpa tandhingan
gedhe tanpa ukuran
tunggal tanpa wilangan
dhedhampar kursi arasy
mawujud tanpa rerupa
Nanging ana ngendi
Dununge sejati?
Kabeh isih mujudage pitakon lungse
Lamun ati durung seleh sumereh
Tansah goreh,
Ora jenjem, adoh rasa adhem tentrem
Kamangka
Sayektine rasa jati iku dumunung ing pribadhi
Kang tansah ndhepeple luhuring Gusti
Mula, ayo tansah sumendhe
Wonogiri, 26-12-2015
Sahabat Taman Tembang dan Sastra, geguritan ini pernah ditulis dengan nama samaran Gatot Sunarto.

0 Response to "Geguritan - Sumendhe"
Post a Comment