Geguritan - Nilas Sujarah Ing Pucuking Dieng
Sunday, 14 January 2018
Add Comment
![]() |
| Geguritan - Nilas Sujarah Ing Pucuking Dieng |
TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - GEGURITAN - Sahabat Taman Tembang dan Sastra, selamat berjumpa kembali. Taman Tembang dan Sastra kali ini akan menyajikan sebuah geguritan (puisi berbahasa Jawa) yang berjudul Nilas Sujarah Ing Pucuking Dieng.
Geguritan karya Parpal Poerwanto ini selengkapnya adalah sebagai berikut.
NILAS SUJARAH ING PUCUKING DIENG
Dening: Parpal Poerwanto
Hawa kumekes atis tumus balung sungsum
Nalikane Teodor van Erp memba Aswatama
Nggangsir nglandhak tumapak
Ngambali natah watu watu andesit tuwa
Kitabing para bikku
Nyidat tlaga balekambang
Ing sikile gunung prau
Lamat lamat korining jaman kawiyak
Arjuna sapandherek wus suwe tapa pendhem
Nglari sejatining titah dumadi
Nyecep sarining lemah gunung dieng
Prasasti sesanti aji
Manunggal mring panguwasane Gusti
Nilas tapake sujarah ing pucuking gunung dieng
Nalikane Teodor van Erp sapejagong klawan Sang Hindu
Tumetesing banyu balekambang dadi padasan
Pangejawantahing wali wali jaman kang tansah nresnani
Tuking manembang mring Hyang Widhi
Banjarnegara, 6 November 2016
Sahabat Taman Tembang dan Sastra, terima kasih kunjungannya, salam sastra rekat santun ukhuwah.

0 Response to "Geguritan - Nilas Sujarah Ing Pucuking Dieng"
Post a Comment