-->

CERKAK BUTA GUGAT

Cerkak Buta Gugat, Buta Cakil, Buta Bajang
Cerkak BUTA GUGAT

TAMAN TEMBANG DAN SASTRA - Cerkak - Cerkak adalah singkatan dari "Cerita Cekak" atau Cerita Pendek.

Cerkak Buta Gugat adalah sebuah cerita cekak atau cerita pendek yang berisi gugatan Buta Cakil dan Buta Bajang terhadap Ki Dhalang Gondo Suwarno karena Dhalang Ki Wasis Carito mbabar wayang tidak sesuai pakem pakeliran. Seni pedalangan model seperti itu sekarang sudah menjamur.

Lebih jelasnya simak selengkapnya Buta Gugat di bawah ini!

BUTA GUGAT

Dening: Parpal Poerwanto

Ganda Suwarno watuk-watuk. Ing satengahe wong-wong kang padha jejogedan iku, dheweke banget murina. Anggone ora murina bae kepriye. Sing arane nonton wayang kudune ya wayange sing digateke. Dudu egole bokong para penyanyi kaya mangkono kuwi.

Minangka dhalang dhongkol, dheweke duwe dudutan lamun para dhalang saiki seneng aji mumpung, nanging ora migateke anggone mbabar carita. Supaya penontone mbludak, kudu mboyong penyanyi sing akeh tur huayu-huayu. Najan suwarane mung pas-pasan nangning yen ketemplekan rupa ayu lan wasis egol bokong kaya Inul bisa gawe kemecere para penonton. Cekake dudu wayange sing dadi tontonan, nanging kepara para penyanyine.

“Iki janjane tontonan apa, ta?” pitakone marang awake dhewe. Anggone takon marga meruhi kanyatan dhalang sing biyene ngugemi pakem pakeliran ya wis melu-melu ambyuk ing pakeliran murahan. Contone kaya Ki Wasis Carito kang bengi iki ndhalang. Kamangka, anggone keraya-raya nekani jagong disengaja bengi awit sekarep bakal nonton dhalangane Ki Wasis Carito. Pranyata malah gawe ati gela. Awit, Ki Wasis Carito ora mung mbadal saka pakem pakeliran kepara uga ora ngugemi pakeme crita. Gawe lakon karangan mesthine oleh bae, ning yen lakon mau mbabarake crita yen Citraksi duwe bojo Wara Sembadra iku jenenge ya wis kebablasan. Mung bae ing crita kuwi, pancene Wara Sembadra kenya weton Eromoko, dudu putri saka Mandura.

Ki Wasis Carito pancene beda karo rikala isih mudha. Biyen, dheweke kondhang kaonang-onang minangka dhalang sing laris marga pancen apik temenan, kajaba suwarane pancen gandem, sabetan lan sanggite uga bregas. Dheweke uga ora nyempal saka pakem pedhalangan. Embuh marga apa saikine dheweke wis katut ilining ombak sing kaya-kaya ora bisa kabendung. Dheweke melu-melu nggelar pakeliran sing banget nyempal saka pakem pakeliran.

Ganda Suwarno isih kelingan jaman biyen rikala Ki Wasis Carito sing jeneng asline Paimin ajar ndhalang. Paimin pancen rada nekat supaya bisa dadi dhalang kang kondhang. Apa bae ditempuh wektu kuwi. Nadyan kerep tombok nanging ora kapok. Nadyan kerep buntung tetep bae manggung. Wis dudu crita sing nggumunake lamun bubaran ndhalang dheweke kerep nuntun wedhus menyang pasar kanggo tombok. Olehe ora tombok bae kepriye? Opah tanggapan mung rong yuta. Kamangka penabuhe ana 22 uwong. Dene waranggana plus penyanyine ana cacah lima. Kuwi durung sewa gamelan lan wayange kang mbutuhake dhuwit ora sethithik. Kabeh mau pancen ana undhuhane. Paimin sidane dadi dhalang kondhang lan ganti jeneng Ki Wasis Carito.

Ing satengahe penonton sing padha ngibing, Ganda Suwarno tansaya mumet sirahe. Ora dikira lamun dhalang sing dianggep bisa nerusake pakem pendhalangan kaya Ki Wasis Carito kuwi saiki bisa kecebur ing pakeliran murahan. Pakeliran sing mung nyuguhake hura-hura.

“He, Ganda Suwarno, aku nuntut keadilan marang kowe!” panggetake Buta Cakil.
“Nuntut bab apa? Lha, salahku apa?"
“Kowe ora rumangsa salah? Salahmu wis ora kepetung…!”
“Apa buktine?”
“Kowe golek bukti? Ha, ha, ha…!” pambengoke Buta Cakil karo matane jelalatan kaya-kaya arep nguntal Ganda Suwarno.
“Wis akeh buktine. Aku sakanca kuwi uga titahing Gusti. Ing antarane titah, satemene aku sakanca kuwi pilih tandhing. Tandangku trengginas, cakatan. Ning kena ngapa aku sakanca durung tau menang mungsuh wong sing tandange klemar-klemer kaya Janaka kae?”
“Pakeme pancen kudu ngono. Yen kowe sakanca sing dak menangake, bisa-bisa aku dibalangi penonton.”
“Ateges urip kuwi ora adil. Ngendi ana wong urip mung kanggo tumbal liyan?!”
“Ya kuwi adile. Kuwi wis trep….”
“Kok bisa?”
“Ya, bisa. Awit kowe buta sing elek rupane. Tumindakmu nasar lan adoh saka pranatan. Mula, kowe pantese ya kudu mati.”
“Yen rupaku elek, kudune sing salah kuwi sing natah wayang. Salahna dheweke! Ning, yen aku diarani tumindak nasar, aku ora trima, awit aku durung tau ndhemeni bojone liyan. Wis kaping pira kowe kelonan karo pesindhenmu?”

Ganda Suwarno kelingan lelakon nalika isih mudha biyen. Saben-saben ana waranggana enom tur ayu, mesthi ora luput dadi dhemenane.
“Ngapa kok malah nglamun!?” panggetake Buta Cakil maneh.
“A…, aku njaluk ngapura…!”
“Njaluk ngapura? Kok gampang temen….”
“Banjur aku kudu kepriye?”
“Kowe kudu njawab pitakonku dhisik!”
“Pitakonan bab apa?”
“Satemene sing nasar kuwi aku apa Janaka sing thukmis lan seneng ndhemeni bojoning liyan kuwi? Apa marga klangenane Janaka padha karo dhalange, banjur tansah dimenangke manawa mungsuh aku?”
“Hus, aja ngrembuk bab kuwi maneh! Aku isin, marga wis tuwa….”
“Kowe ya duwe isin, ta? Wong kaya kowe kuwi becike enggal tinjo akherat bae!” ujare Buta Cakil agahan polah pencilatan nguber Ganda Suwarno. Ora ana cara liya tumrap dhalang sing ambegane wis nyenen-kemis kuwi kajaba mlayu golek slamet.

Ananging eman, playune Ganda Suwarno kepapak dening Buta Bajang.
“He, Ganda Suwarno. Kowe isih kelingan aku?”
“Ko, ko, ko…kowe Suka Sarana, ta?” semaure sajak keweden.
“He, he, he…isih tablang panyawangmu. Aku ya njaluk keadilan kaya Buta Cakil!”
“Keadilan bab, apa?”
“Kowe isih kelingan ta, yen aku mati siya-siya? Yen dakrasa tumindakku ora nasar kepara labuh-labet marang sedulur sing daktresnani. Nanging kena ngapa aku kudu nemahi tiwas?”
“Ko, ko…kowe ya kudu mati,” semaure Ganda Suwarno sakecekele.
“Kajaba rupamu elek, anggonmu labuh-labet marga kowe duwe melik supaya diaku sedulur dening Bambang Sumantri.”
“Bab rupa elek kuwi jatah. Ning, tanpa labuh-labet aku iki ra ya sedulure enom Kakang Sumantri, ta?”
“Bener, ning Sumantri rumangsa isin duwe sedulur kowe….”
“Apa teku sing kaya mangkono malah dianggep bener?"
“Ya, pancen pesthine kudu mangkono….”
“Ateges cetha yen kowe dhalang sing ora adil. Mula, rasakna landhepe siyungku iki!”

Kaping pindhone Ganda Suwarno mlayu nunjang palang. Banjur, makjadhug! “Krompyang….!!!” Dhengkule natap sakaning omah satemah sempoyongan nabrak meja kebak gelas lan jajanan. Wong-wong kang lagi ngemasi gamelan lan wayang banjur ngroyong-royong Ganda Suwarno marga semaput.

Sahabat taman tembang dan sastra yang budiman. Terima kasih atas kunjungannya. Baca sajian-sajian kami lainnya. Sumbang saran tetap kami butuhkan. Semoga bermanfaat.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "CERKAK BUTA GUGAT"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel